Tuesday, April 5, 2011

Panyandra temanten 2


PENATACARA BASA JAWA - PAMEDHARSABDA PANGARSA PERMADANI MAGELANG

ATUR CECALA

Bismillahir rohman nir rohim,
Assalamu’ alaikum Wr. Wb.

Nuwun, Puja puji syukur konjuk ing sahadhap pepadaning Gusti ingkang Maha Agung,, dene sampun paring kekiyatan saha pitedah, satemah kula saged ngaturaken racikan sapala ingkang asesirah RENGGEPING WICARA
Kula nglenggana sanes satunggaling tiyang ingkang wasis ing bab kawruh basal an sastra, ugi sanes tiyang ingkang pinter wicara. Parandene kumawani ngaturaken racikan punika, esthining manah hamung kadereng anggen kula kepengin urun, dhateng para kadang Siswa Pawiyatan Panatacara tuwin Pamedhar sabda Permadani, sageda pinangka ancer-ancer tuwin tetimbangan salebeting sinau dodos juru panatacara punapa dene pamedhar sabda.
Ingkang kula aturaken ing racikan punika, inggih naming sagaduking pangertosan kula ingkang mila tasih cupet, tuwin adhedasar punapa ingkang sagede kula raosaken lan kula pethik ing kala mangsa piniji pinangka Panatacara punapa dene Pamedharsabda.
Racikan punika kaperang dados kalih, perangan andharan sawetaris bab renggeping wicara, dene perangan angka kalih tuladha aturipun Panatacara ruwin pamedharsabda. Mliginipun ing bab tuladha, inggih naming pinangka ancer-ancer sawetawis. Basa ingkang kaaturaken inggih naming prasaja ing pangajab supados gampil dipun mangertosi.
Kula nglenggana bilih racikan punika tasih tebih saking leres lan trep. Awit saking punika panyaruwe saking para ingkang langkung wasis, tansah kula ajeng-ajeng murih racikan punika saya murakabi.
Ing wasana sanadyan racikan punika tasih tebih saking leres lan trep parandene kula gadhah pangajab, mugi wonten guna paedahipun tumprap para maos, mliginipun para kadang siswa Permadani.

Wassalamu’ alaikum wr. wb.

Pangracik



Wiyoto

PENATACARA BASA JAWA - RENGGEPING WICARA PERMADANI

PURWAKA

Wonten madyaning bebrayan kalebet ing bebrayan Jawi, tasih lumampah upacara-upacara adat ingkang sami katidakaken. Wiwit upacara kala wau, mbetahaken paraga ingkang piniji pinangka Panatacara tuwin Pamedharsabda.
Panatacara, inggih punika paraga ingkang tinanggenah nata lampahing upacara. Kanthi pangertosan punika, pramila ayahipun panatacara mboten naming mbiwarakaken adicara ingkang badhe lumampah ( Pinangka Pambiwara ), nanging nata sedaya reh ingering adicara. Cekakipun Panatacara punika pinangka pangarsaning upacara. Pramila dipun sebat Master of ceremony = MC ( Inggris ) tegesipun “ Tuan / Penguasa Upacara “.
Medharsabda = Sesorah, inggih punika ngandharaken utawi mahyakaken sabda utawi suaraos = kawigatosan dhateng tiyang sanes utawi tiyang ingkang kathah ing pasamuan. Dene Pamerdhasabda inggih punika tiyang ingkang medharsabda / sesorah.
Mboten sadhengah tiyang sagede dados Panatacara tuwin Pamedharsabda ingkang sae, jalaran ngendikan wonten sangajenging tiyang kathah punika dipun wastani “ seni “ liripun wonten gayutanipun kaliyan kaedahan lan daya tarik ingkang nengsemaken. Awit saking punika syaratipun dados Panatacara – Pamedharsabda ingkang sae, antawisipun :
1. Sarira jangkep ( normal ) kanthi pancadriya ugi jangkep.
2. Pantrap ( penampilan ) ingkang nengsemaken ( Simpatik )
3. Kagungan swanten ( kemampuan vocal ) ingkang sae
4. Nguwaosi basal an sastra
5. Kagungan kawruh ( Pengetahuan ) ingkang cekap
6. Kagungan kapribadian ingkang sae, subosita jangkep lan sumeh polatanipun.
7. Kebak raos pitados dhiri ( Percaya diri )
Kejawi sedaya kala wau, BAKAT mujudaken kunci. Bakat mboten saged dipun upadi jalaran paringipun Gusti ingkang murbeng dumadi. Namung bakat sanes Kartu Mati, sanadyan mboten bakat menawi sregep sinau lan gladhen kanthi tegen, katambah syarat ingkang 7 ing nginggil, Insya’ Alloh saged dados Panatacara – Pamedharsabda ingkang sae.
Pawiyatan Panatacara tuwin Pamedharsabda ingkang dipun adani dening PERMADANI, lugunipun pinangka wadhah utawi srana kangge ndherekaken sinau sesarengan, sok sintena ingkang kepingin marsudi pinangka Panatacara tuwin pamedharsabda, ingkang pangajab sageda dados paraga ingkang mumpuni, inggih pantes, luwes tur teges. Tembungipun sanes paraga ingkang renggep, ing wicara, satemah dados juru ladining bebrayan ingkang sae.
I. PANGERTOSAN RENGGEPING WICARA
Manut Bausastra, Renggep tegesipun candhak / nyandhak. Dene Wicara tegesipun gunem / tutur / pangandikan. Kula gadhah pemanggih tembung nyandhak ing bab punika saged dipun tegesi nguwaosi utawi ngendhaleni.
Pramila Renggeping wicara tegesipun : nguwaosi / ngendhaleni sedaya pakartining tutur, supados wijiling pangandikan saged : tata, tatas, tetes, titis.
• Tata ing babagan : basa sastra, tuwin patrap
• Tatas ing bab babaran ( sistimatika ) tuwin isining wedharan
• Tetes ing bab wijiling pangandikan : rancak, cetha, lan wirama sekeca.
• Titis tegesipun trep kaliyan swasana.
Wondene swasana ing ngriki, nyakup : wonten upacara punapa, mapan ing pundit, sinten ingkang midhangetaken, kados pundit wekdalipun.
Kanthi makaten nembe dipun wastani renggeping wicara, menawi wiwit saking pamilihing tembung saha dhapukaning ukara, runtuting pangandikan,panjang lan cekakipun wedharan tuwin isining wedharan, trep lan jumbuh kaliyan swasana, saha sedaya kala wau kaaturaken kanthi rancak, cetha, susila lan sekeca dipun mirengaken.
Cekakipun renggeping wicara punika wijiling pangandikan jumbuh utawi trep kaliyan swasana.
Rehning Panatacara, pamedharsabda punika ing salebeting pasamuan dados punjering kawigatosan, kepara ugi mujudaken pasugatan tumprap para tamu, pramila inggih kedah ngdi murih saged renggeping wicara.
Kathah perkawis ingkang kedahi dipun cawisaken pinangka sangu, murih saged renggeping wicara. Ing antawisipun, saged kaperang dados 3 perangan inggih punika :
a. Gayutan kaliyan jiwaning wedharan, inggih punika pambudidaya murih wedharing pangandikan nggadhahi bobot/jiwa tuwin raos ( = TEKNIK PENJIWAAN )
b. Gayut an kaliyan ulah swara, inggih punika pambudidaya murih wijiling pangandikan cetha tuwin membat mentuling swara sekeca dipun mirengaken ( = TEKNIK VOKAL )
c. Gayutan kaliyan patrap, inggih punika pambudidaya murih patraping salira punapa dene patraping busana netepi subasita
( = TEKNIK PENAMPILAN )
II. JIWANING WEDHARAN
Wonten saweneh Panatacara tuwin Pamedharsabda, ingkang wedharing pangandikanipun karaosaken tanpa jiwa tanpa raos. Pramila inggih lajeng kapireng ampang tanpa bobot. Makaten punika, saged karana naming apalan, utawi mboten pirsa tegesipun tembung-tembung ingkang dipun ucapaken utawi naming adhapur tiru-tiru.
Wonten malih Panatacara tuwin Pamedharsabda, ingkang pangandikanipun ngalantur utawi nggladrah, naming kasurung dening raos kepingin ngetingaleken anggenipun baut micara, lajeng mboten ngengeti wekdal, mboten mirsani gorehing para tamu ingkang sampun kedangon lsp. Ingkang makaten punika sanadyan basanipun sae, nanging saged kawastanan mboten trep, temahan mboten renggep.
Wijiling pangandikan Panatacara tuwin Pamedharsabda saged wonten jiwa/bobotipun, menawi cekap sangunipun. Jalaran inggih naming kanthi sangu ingkang cekap, badhe teteg ngadhepi beda-bedaning kawontenan, mboten “ Demam panggung “, minder, lsp. Satemah wijiling pangandikan badhe mantep, rancak / teteh, saha katingal anjiwa ( “ Menjiwai “ )dhateng ayahipun.
Sangunipun Panatacara tuwin Pamedharsabda, supados wijiling pangandikanipun hanggadhahi jiwa/bobot, atawisipun wonten 5 perkawis :
1. Pirsa saestu / nguwaosi dhateng ayahipun.
2. Nguwaosi Basal an sastra
3. Teteh/Baut Micara
4. Lantip ing panggraita saha tanggap ing swasana.
5. Kagungan kawruh ingkang cekap, mliginipun ingkang gayutan kaliyan ayahan punapa dene kawruh sanesipun ingkang pinangka payengkuyung.

 Yen arep weruh trahing aluhur, titiken saka alusing tingkah laku lan budi basane.
 Titikane wong kang wus putus ing ilmu, yaiku saka basane kang bias gawe tentrem lan bungahing liyan.
1. NGUWAOSI AYAHAN
 Bakuning ayahan Panatacara, pinangka sopir/ kusir ing pasamuan. Tegesipun, Upacara saged lumampah kanthi rancak punapa mboten, komandhonipun wonten Panatacara. Wonten upacara punika kathah paraga ingkang hanyengkuyun, pramila murih sedaya paraga kala wau saged tumindak kanthi trep manut jejibahanipun, kuncinipun wonten panatacara kados pundit anggenipun nata.
 Rehning Panatacara jejripun pinangka sopir utawi Pangarsa / Pemimpin, pramila inggih kedah nguwaosi “ Managemen “ Panatacara. Liripun, wiwit saged lumampah runtut mboten kisruh ( Perencanaan ), Kados pundit anggenipun nata para paraga kridha darma supados saged nindakaken jejibahanipun manut lampahing adicara ( Pengorganisasian ). Jalaran Upacara makaten mujudaken setunggal “ sistem “ ingkang lampahipun sineng-kuyung dening sub-sistem. Menawi setunggal sub system mboten lumampah, badhe merbawani mboten rancakipun setunggal system kala wau. Pramila tembungipun managemen, “ pengorganisasian lan koordinasi “ punika wigati sanget tumrap panatacara.
 Dene wonten cak-cakanipun ( “ Pelaksanaan “ ) Panatasara pinang ka sopir/kusir, pangandikan/parentahipun/komandho kedah cetha. Kanthi makaten para paraga ingkang hanyengkuyung ing adicara kala wau saged tumindak kanthi trep.
 Ingkang pungkasan gayutan kaliyan manajemen Panatacara inggih punika “ kontrol “. Ing bab punika Panatacara kedah tansah mbiji rancak lan mbotenipun lampahing adicara, inggih gayutan kaliyan paraga, uborampe, punapa dene wekdal. Ugi keparenga tansah ngulataken kados punsi semunipun para tamu hananggapi lampahing adicara. Andhedhasar pambiji kala wau Panatacara saged tumindak kangge ngendhaleni lampahinh adicara murih ngremenaken para tamu satemah para tamu saged jemjem lan kepareng ngestreni upacara ngantos paripurna.
 Keparenga enget, bilih saweneh ukuran/titikanipun panata cara kasil anggenipun nindakaken ayahan, ,menawi bibaripun tamu karana upacara sampun paripurna.
 Manajemen ingkang katur ing nginggil saged dipun tindakaken, menawi Panatacara pirsa saestu menggah cak-cakanipun saben-saben adicara ingkang badhe lumampah. Wiwit saking adicara punapa, ingkang dipun betahaken, sinten kemawon ingkang maragani, kapan adicara kala wau katindakaken. Ingkang punika, nguwaosi kawruh bab ngadat tatacara, gendhing lsp.Perlu sanget tumprap Panatacara.
 Dene Pamedharsabda, bakuning ayahipun mahyakaken isining penggalih/ raos-pangraos dhateng tiyang kathah/tiyang sanes. Awit saking punika, murih wedharing pangandika saged nggambaraken isining penggalih kanthi trep, tumprap Pamedharsabda kedah pirsa wosing pangandika ingkang kedah kaaturaken manut beda-bedaning ayahipun. Wosing pangandikan tumprap paraga pasrah panganten, beda kaliyan wosing pangandikan atur pambagyaharja, lsp.

Babagan punika badhe karembag malih ing perangan babaring wedharan.
2. NGUWAOSI BASA LAN SASTRA
 Paraga panatacara punapa dene Pamedharsabda, murih saged renggeping wicara ugi kedah nguwaosi basal an sastra, jer basa mekaten ingkang pinangka piranti ( alat ) kagem medharaken isining penggalih. Wondene basa ingkang sae inggih punika basa ingkang trep kaliyan swasana ( Upacara punapa, sinten ingkang midhangetaken, wonten pundit papanipun ).
 Ingkang wigati lan kedah dipun kuwaosi, inggih punika bab pamilihing tembung trep, pramila kedah pirsa bab.
 Murih pamilihing tembung trep, pramila kedah pirsa bab unggah-ungguhing basa, inggih punika pamilihing tembung ingkang trep pangetrapipun wonten ing warni-warnining golongan tiyang ing bebrayan. Pramila kedah dipun kuwaosi antawisipun tembung ngoko, krama, karma inggil lsp. Tuladhanipun : tembung “ kandha “. Menawi kagem anem dhateng sepuh lajeng dados “ Matur “, dene kagem ingkang sepuh dhateng anem lajeng dados “ Ngendika “.
 Ngengingi Unggah-ungguhing basa, pinangka pathokan keparenga pribadinipun Panatacara / Pamedharsabda hanganggepa ingkang dhawah anem utawi ingkang dhawah asor.
Tuladha : Pasrah panjenengan pinanganten kakung, kula tampin kanthi suka renaming penggalih. Punika lepat.
Leresipun : kula tampi kanthi suka bingahing manah.

 Kejawi Unggah-ungguh basa,ugi kawruh bab sastra Jawi kadosta ingkang gayutan kaliyan : purwakanthi, wangsalan, bebasan lsp. Ugi kedah dipun kuwaosi, murih saya endah edining basa ingkang badhe merbawani dhateng renggeping wicara.

3. BAUT / TETEH MICARA
 Baut micara utawi teteh micara ing ngriki, inggih punika wijiling pangandika rancak lan mboten wongsal-wangsul keclitut, mboten sekedhap-sekedhap eeeeee, …….. eeeee………
 Saupami tanpa rinaos kalajeng ketrucut kawijil tembung ingkang mesthinipun mboten trep, saged ngenggokaken satemah mboten ketingal sanget lepatipun.
 Supados baut micara, mboten wonten cara sanes kejawi naming kedah kathah gladhen sesorah saha sregep ngracik ukara-ukara lajeng dipun apalaken.

4. LANTIP ING PANGGRAITA / TANGGAP ING SWASANA
 Panatacara tuwin Pamedharsabda ugi kedah lantip lan cepet tanggap ( “ Peka “ )dhateng swasana. Upaminipun, wekdalipun sampun kasep saking rantaman, tamu sampun katingah goreh, tumprap Panatacara utawi Pamedharsabda ingkang tanggap dhateng kawontenan, mboten badhe matur kanthi panjang temtu badhe matur kanthi cekak aos.
 Makaten ugi menawi satunggaling wanci, karana kawontenan Panatacara kedah damel putusan ngowahi urutaning adicara, utawi kedah tumindak murih upacara tetep katingal lumampah rancak. Punika mbetahaken lantiping panggrahita tuwin kedah-tansah mulat dhateng swasana.
5. SUGIH KAWRUH
 Panatacara tuwin Pamedharsabda badhe langkung moncer malih, menawi ugi sugih kawruh. Liripun kejawi kawruh ingkang gayutan kaliyan basa, nanging ugi kawruh sanes-sanesipun ingkang wonten sambet rapetipun kaliyan medharsabda. Kanthi sangu kawruh ingkang pepak, Panatacara – Pamedharsabda mboten badhe samara ing kawontenan kados pundit kemawon, saha badhe saya damel rancaking pangandikan.
 Prayogi sanget menawi tansah remen maos buku-buku kapustakan


III. ULAH SWARA / TEKNIK VOKAL
 Suwara, mujudaken piranti ingkang baku tumprap Panatacara tuwin Pamedharsabda, jalaran swara punika dhapur babaring sana. Tiyang saged dipun wastani wicaranipun “ Lus Mardawa “ katitik saking wuwantenipun.
 Awit saking punika pangolahing swara, kedah kaudimurih: Ulem, dhekung, membat mentul satemah sekeca kamirengaken.
 Ingkang kedah dipun gatosaken ing bab pangolahing swara, antawisipun :
1. Dhasar swara
Dhasar swara ingkang ageng lan bass, mujudaken pawitan ingkang sae tumprap Panatacara – Pamedharsabda, jalaran badhe ambabar swara ingkang ulem lan kung.
Sanadyan makaten, tumprap ingkang mila dhasar santenipun alit / tribell sampun ngantos dipun damel-damel supados ageng jalaran sanadyan wiwitanipun ageng nanging dumugi tengah badhe blero wangsul aslinipun. Kamangka ingkang sae swara punika wiwit kawitan dumugi pungkasanipun pantog. Pramila bakunipun kanthi dhasar swara ingkang dipun darbeni, kaudi murih cetha, bening mboten esek.
2. Kedal
Pangejaning abjad, mugi kaudi murih cetha lan leres. Ingkang punika obahing lesan saha pirantos sacelaking lesan sageda mapan kanthi merdika ambabar swaraning basa.
da : mardika, dahat dha : pidha
ta : tata, titah tha : cumanthaka, pinetha
Makaten ugi swara aksara : a – i – u – e – o, kedaling lesan kedah merdika murih ambabar swara ingkang cetha.
3. Ucapan
Pangucaping tembung, kaudi murih cetha, langkung-langkung mingsad-mingseding tembung lingga, supados mboten kaclithut.
pandam – pandoming cupet – ceweting
wijang – wijiling golong – gilig
pinantha – pantha – pepanthan tregal - tregel
4. Lagu
Lagu ing ngriki nyakup : sora-lirihing swara, panjang cendhaking swara, rindhik-rikating swara, inggil andhaping swara, saha membat mantuling swara tuwin lak-luking swara. Basa jawi punika lagunipun dekung, mboten melodhiyus, mboten rempeg renyah. Pramila kedah kagladhi lan kaudi murih swanten saged wijang, wirama lan wirasa, mboten “ Monoton “. Pangudinipun karana gladhen ngendikan sakathah-kathaipun.

5. Microfon
Kangge nambahi daya murih swanten saged kapireng dening akathah, jaman samangke sampun limrah kanthi ngginakaken microfon. Ingkang perlu pikantuk kawigatosan salebetipun ngginakaken Mic, inggih punika :
a. Letipun tutuk kaliyan Mic, gumantung peka lan mbotenipun Mic. Kangge Mic ingkang peka, sampun ngnatos kecaketan jalaran swanten badhe kapireng bindheng mboten cetha. Sepinten letipun ingkang pas, prayogi saderengipun upacara kawiwitan kedah kacobi langkung rumiyin. Pinangka ancer-ancer kirang langkung 5 nyari.
b. Rikala badhe ngendika caranipun nandha Mic, sampun ngantos kasebul sora utawi dipun thothok sora wongsal-wangsul. Punika kalebet patrap ingkang kirang prayogi. Cekap kanthi kagrayang temtu sampun badhe ketawis.
c. Medharsabda kanthi ngginakaken Mic, volume suwara kedah dipun kirangi mboten perlu sora-sora, supados sekeca dipun mirengaken.

IV. PATRAP / TEKNIK PENAMPILAN
Patrap ( Penampilan ) badhe merbawani ugi dhateng renggeping wicara. Babagan patrap punika badhe kaperang dados kalih, inggih punika patraping sarira saha patraping busana.
1. Patraping Sarira
Solah bawa, greget, saut, tandang graying, kaudiya murih sembada, susila, lan prasaja.
a. Wiwit tindak tumuju ing papan medharsabda, lumampah kanthi prasaja, jumangkah mantep mboten kesesa, lan susila. Dumugi sangajenging para tamu ngaturaken sembah kalbu, pinangka atur pakurmatan dhumateng para tamu.
b. Dumugi sangajenging MIc, mboten kesesa ngendika. Penggalih dipun tentremaken kaliyan mirsani sedaya tamu kanthi warata.
c. Rikala ngendika / medharsabda :
• Polatan tansah sumeh
• Asta ngapurancang, kejawi dipun betahaken
• Jumeneng kanthi jejeg mboten mirsani manginggil utawi mangandhap.
• Mboten wira-wiri ( prayogi wonten paraga pambiyantu kagem sesambetan dhateng paraga sanes ).
• Nilaraken pakulinan / saradan ingkang kirang prayogi, kadosta : ngulat-ulet kabel Mic, asta kabanda, asta mlebet sak, cagak Mic terus dipun cepengi, lsp.
• Mboten sinambi ngrokok, lan gegujengan.
d. Salebetipun maraga mliginipun panatacara, prayogi mboten dhahar, ngunjuk sawetawis kemawon supados tenggorokan mboten salit. Cekakipun sampun ngantos katinggal sanget.
e. Rikala pinuju lenggah ( Panatacara ), sikepipun tetap susila, mboten leyeh-leyeh, suku mboten jegang, lsp.
2. Patraping Busana
Winasis ngendika bilih “ ajining dhiri saka lathi, ajining sarira saka busana”. Busana saged asung prabawa tuwin wibawa tumprap ingkang ngagem. Ugi saged damel saya nambahi kapitadosan dhiri, satemah badhe merbawani dhateng renggeping wicara.
Patraping busana, kedah kajumbuhaken kaliyan swasana tuwin upacara ingkang lumampah. Liripun, menawi wonten upacara adapt jawi para paraga sami ngagem busana kejawn, mila Panatacara-Pamedharsabda ugi kedahipun ngagem busana kejawen. Makaten ugi kagem siang punapa ndalu gayutanipun kaliyan warnining busana inggih kedah jumbuh.
Pangangeming busana ugi kedah leres lan trep. Liripun menawi pinuju busana kejawen, wiwit pangangeming nyamping beskap, dhestar, dhuwung, jumbuh kaliyan gagrag busana ingkang dipun agem ( Surakarta utawi Ngayogyakarta ).Menawi ngagem busana Nasional, inggih ingkang leres. Upaminipun ngagem Jas inggih jangkep kaliyan dhasi, sepatu.

V. BABARING WEDHARAN
Wedharing pangandikan, saged kadamel rowa utawi ringkes. Makaten ugi ing bab basa ingkang kaginakaken, saged kanthi basa ingkang prasaja utawi basa ingkang rinengga. Sedaya kala wau gumantung swasana, wonten upacara punapa, sinten ingkang midhangetaken, saha wekdalipun ingkang sumadiya.
Baunipun wedharing pangandikan kedah urut runtut (sistimatis), cetha pilah-pilahipun, isining wedharan jumbuh kaliyan ayahan ingkang sinangkul.
Babaring pangandikan, prayogi kaperang dados tigang perkawis, inggih punika :
1. Purwaka, inggih punika atur ingkang pinangka pambuka.
2. Isi utawi perangan wigati, inggih punika wosing pangandikan.
3. Wasana, inggih punika atur ingkang pinangka panutup.

TUMPRAP PANATACARA :
Ingkang kalebet ing perangan Purwaka antawisipun :
- Salam pambuka / uluk salam
- Pakurmatan dhumateng para tamu
- Muji syukur dhateng Alloh ingkang maha Agung
- Ngaturaken reroncening adicara
- Babar pisan pambuka ka-aturaken, lajeng para tamu kasuwun sekeca lenggah hangantu adicara salajengipun.
Ingkang kalebet perangan wigati tumrap panatacara, inggih punika ngaturaken saben-saben adicara. Kalebet wonten kalanipunugi panyandra. Ingkang kedah pikantuk kawigatosan tumprap panatacara, inggih punika ngaturaken adicara ingkang badhe lumampah, mbaka setunggal para paraga ingkang hanyengkuyung dipun aturi kanthi cetha.
Gayutan kaliyan panyandra, lugunipun panyandra makaten naming dhapur palapuran kasunyatan ingkang nembe lumampah ( laporan pandangan mata ), ingkang saged kagem ngregengaken swasana. Awit saking punika Paugeranipun nyandra, antawisipun : Ingkang dipun candra kasunyatan, mboten damel gerahing penggalih ingkang dipun candra punapa dene para tamu, tembung / basanipun tetep susila ( mboten lekoh ) lan ngremenaken.
Wondene perangan wasana, tumprap panatacara antawisipun
 Nyuwun pangapunten dhateng sedaya kekirangan saha kalepatan anggenipun nindakaken jejibahan.
 Ndherekaken sugeng konduring para tamu
 Ngaturaken adicara panutup / Hamungkasi upacara saha salam panutup.



PAMEDHARSABDA
Rehning wonten warni-warni medharsabda, pramila bedanipun ing bab isi / wigati utawi wosing pangandikan. Wondene perangan purwaka saged kawastanan bakunipun sami.
Perangan Purwaka, ngemot :
 Uluk salam/salam pambuka
 Pakurmatan dhateng tamu
 Muji syukur dhateng Gusti Alloh ingkang maha Agung
 Ngaturaken ayahipun.
Dene perangan isi utawi wigati saha wasana, gumantung ayahinipun.
1. Pasrah Penganten Kakung
Bakunipun naming kalih perkawis, inggih punika :
 Ngaturaken salam taklimipun ingkang sami bebesanan
 Pratignyan / Ikrar pasrahipun penganten kairing panyuwun.
Panyuwun ing ngriki, gumantung cak-cakipun pasrah mapan ing adicara pundit. Menawi pasrahipun saderengipun kaijabaken, nyuwun supados kaijabeken. Menawi sampun ijab saderengipun upacara daup/panggih, nyuwun supados kapanggihaken manut tata upacara adapt ingkang lumampah. Dene menawi pasrahipun sampun ijab saha panggih, nyuwun kagula wethah ingkang sae.
Menawi wonten sanesipun ingkang kedah kaaturaken, saged katambah, upaminipun : badhe kaboyong, babar pisan matur nyuwun pamit sasampunipun purna, inggih dipun aturaken.
Wasana :
 Nyuwunaken panganpunten kalepatanipun sedaya pengombyong
 Nyuwun pangapunten kalepatanipun pribadi ingkang pasrah
 Salam panutup.

2. Pasrah Pengantin sarimbit ing upacara boyong
Isining wedharan, sami kaliyan pasrah pengantin kakung, bedahipun :
 Salam taklim
 Atur palapuran kaleksananing Ijab saha wiwahan wonten kulawarga putri
 Pratignyan pasrah pengantin sarimbit kanthi panyuwun sumangga anggenipun paring pangrengkuh saha panggulawenthah dhateng besan saha bebrayan/masyarakating ngriku.
 Nyuwunaken panganpunten kekirangan saha kalepatan wiwit nampi rembag sepisanan, ngijabaken saha miwaha dhauping pengantin, ngantos anggenipun ndherekaken boyong.
Perangan wasana :sami kaliyan pasrah pengantin kakung

3. Penampi Penganten
Lugunipun wosing pangandikan, manut kaliyan isining pangandikan sakiing paraga ingkang pasrah. Pramila perangan wigati ngemot :
 Ngaturaken sugeng rawuh dhateng duta miwah pengayab
 Nampi salam taklim, saha wangsul ngaturaken salam taklim
 Pratignyan/ikrar nampi pasrahipun penganten saha panyuwunipun badhe dipun tindakaken
 Ngaturi sekeca lenggah ngestreni wiwahan ngantos purna.
Wasana :
 Nyuwunaken pangaksami kalepatanipun ingkang mengku gati menawi wonten kalepatan anggenipun nampi.
 Nyuwun pangapunten kalepataning pribadi
 Salam panutup.

4. Atur Pambagya/Sulih ingkang kagungan kersa / Panitya
Wigati/isi :
 Ngaturaken sugeng rawuh saha matur nuwun rawuhipun tamu.
 Ngaturaken ujubing gati/ khajadipun punapa kapan kalesananipun, para tamu kasuwun punapa ).
 Ngaturaken panuwun awit pambiyantunipun sanak kadang, tangga tepalih, saha sumbang sih saking para tamu. Mboten saged atur pinwales mugi Gusti ingkang males.
 Nyuwunaken pangapunten kekirangan kalepatanipun ingkang kagungan karsa ing sedayanipun.
Wasana :
 Kasuwun nglajengaken nggenya lelenggahan ngantos purna
 Para tamu kasuwun hangedhapi /hangrahabi pasugata
 Nyuwun pangapunten kalepataning pribadi
 Salam panutup



5. Wursitawara / Sabda tama
Purwaka :
- Salam pambuka / uluk salam
- Pakurmatan dhumateng para tamu
- Puji syukur
6. Tanggap wasaca / sabda ( = Sambutan / sanes wejangan ) saking Pangarsa Instansinipun Pengantin
Purwaka :
- Salam pambuka
- Pakurmatan dhumateng para tamu
- Puji syukur dhateng Pangeran
- Ngaturaken panuwun dhateng Panatacara paringipun wekdal
Wigati :
- Mangayubagya dhateng Pengantin saha rama ibunipun.
- Pangajab saha pitedah dhateng pengantin, gayutipun kaliyan Dinas, sasampunipun palakrama.
Wasana :
- Ndherek memuji mugi pengantin kasembadan ing sedya.
- Nyuwun pangapunten lepating atur
- Salam panutup.

PAMRAYOGI :
1. Uluk Salam / salam pambuka, tumprap ingkang ngrasuk agami islam salam kalajengaken tahmid, shahadat, sholawat, mboten wonten lepatipun. Namung menawi katambah ayat Al –Quran lan hadist kedah kapilih ingkang jumbuh saha wonten andharan mangke badhe ngaturaken bab punika. Pramila trepipun ingkang mawi katambah ayat-ayat punika kagem ingkang tanggap sabda utawi wursitawara.
2. Pakurmatan dhateng para tamu
Ngengeti wekdalipun winates lan supados mboten kekathahen, parayogi dipun jamak, kanthi para tamu kaperang dados 3 golongan :
- Para Alim, para sesepuh saha pinisepuh ingkang tuhu kinabekten
- Para manggalaning praja ( menawi wonten ) ingkang sinudarsana
- Para rawh kakung saha putri ingkang tuhu kinurmatan.

3. Babaring wedharan badhe panjang punapa cekak, kedah kajumbuhaken kaliyan swasana. Makaten ugi babagan basa, badhe madya puanapa basa rinengga ugi kedah mulat dhateng ingkang midhangetaken saha ing upacara punapa.

VI. PANUTUP
Atur sapala punika adhapur ancer-ancer tumprap para kadang ingkang badhe amarsudi pinangka Panatacara tuwin Pamedharsabda, mugi saged kagem tetimbangan.
Amrih langkung cetha, samangke badhe ka-aturaken tuladha sawetawis aturipun Panatacara- Pamedharsabda ing wiwahan Panganten, katambah ngadani upacara bidhaling layon.
Ing wasana sugeng gladhi, murih dumugi ingkang kaesthi dados juru ladining bebrayan ingkang utami.


• Kamulyaning urip iku dumunung ana tentreming ati
• Wong linuwih iku, ambeg welas lan sugih pangapura
• Wong kang ora weruh tata karma uda Negara, iku padha karo ora bias ngrasakake rasa nem perkara ( legi, kecut, asin, pedhes, sepet lan pahit ).
• - Panjangka iku tekane kudu dipapag nganggo panjangkah
- Jumangkah iku kudu nganggo : wewaton, wewarah lan wirama
- Wewatoning urip yaiku ngibadah, wewarahing urip yaiku syari’ ah, dene wiramaning urip yaiku ihklas.
- Ibadah kelakone kanthi niat, Syari ‘ ah jejege perlu kapercayan, dene ikhlas bias wujud lamun ana panarima.
- Tuking niat ana ati, tuking kapercayan ana akal, tuking panarima ana telenging pangrasa.

Panyandra temanten 1

PASRAH CALON PENGANTIN KAKUNG ING UPACARA IJAB

PASRAH CALON PENGANTIN KAKUNG
ING UPACARA IJAB

- Assalamu’alaikum wr, wb.
- Nuwun, sanggyaning para sesepuh saha pinisepuh ingkang tuhu kinabekten, sumawana para rawuh kakung saha putri ingkang dahat kinurmatan,
- Langkung rumiyin kula hangunjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, dene sampun kepareng hangayomi lampah kula sakadang, satemah wiwit saking unggul pawenang dumugi ing papan menika tansah manggih kawilujengan.
- Salajengipun, mugi kalilanana kula matur wonten ngarsanipun R. Harjuno sarimbit ingkang tuhu kinurmatan
- Kula pun Setiaki, kairing sagung para kadang pangayab, kautus dening panjenengaipun R. Werkudoro sekaliyan, ingkang lenggah dedalem ing Unggul pawenang supados :
 Sepisan, ngaturaken kasugengan saha salam taklim saking R. Werkudoro sakulawangsa , mugi katur wonten ngarsanipun R. harjuno kaliyan garwa dalah kulawarga
 Ingkang angka kalih, nuhoni rantaman ingkang sampun gumathok saking para prayagung ingkang sami hamangun bebesanan, kula kinen hamasrahaken Calon Pinanganten kakung ingkang apeparab Bagus Koco Negoro kanthi panyuwun supados kaijabaken saha kadhaupaken kaliyan putra putri R. Harjuno ingkang asesilih Rara Pregiwa
 Rehning Calon Pengantin Kakung sampun siyaga ing dhiri land rumati ing pakarti, pramila sumangga kula aturaken mugi katampi kanthi suka renaning penggalih, saha mbok bilih sedaya sampun samekta keparenga Upacara Ijab tumuli katindakaken, kairing puja puji sesanti basuki mugi tumapaking gati tansah ingayoman dening Allah SWT. satemah lulus raharja kali sing sambekala
- Ing wasana , ambok bilih wonten kiranging trapsila myang subasita sowan kula sakadang, menapa dene wonten kithal kuciwaning atur kula ingkang mboten damel rena ing penggalih panjenengan sedaya , keparenga kula nyuwun agunging pangaksami.
- Pinangka panutuping atur Wassalamu’alaikum wr. wb

WEDHARING SABDA HANANGGAPI PAMIT PANGARSANING DUTA

WEDHARING SABDA HANANGGAPI PAMIT PANGARSANING DUTA


Assalamu’alaikum wr. wb.
R. Setyaki , ingkang tuhu kinurmatan.
Kula minangka sulih sarira saking R. harjuna sakulawarga, keparenga hananggapi wedharing sabda panjenengan ingkang ngersakaken mundhut pamit, saestunipun, R. harjuno badhe rumaos begja kemahyangan sewu, menawi panjenengan sakadang tasih kepareng nglajengaken anggenipun lelenggahan ngiras pantes tirakatan paring pangestu dhumateng calon pinanganten.
Parandene panjenengan sakadang ngersakaken mundhut pamit, R. Harjono sakulawarga mboten saged mambengi karsa panjenengan.
Mboten langkung, sedaya kekirangan saha kalepatan anggenipun hanampi saha hangacarani rawuh panjenengan sakadang, ingkang mboten damel reraning penggalih, R. Harjuno sakulawarga tansah nyuwun agunging pangaksami.
Salajengipun, dhumateng Nakmas Kaca Negara mugi kepareng nampi Busana Penganten ingkang badhe kaparingaken dening Ibu harjuno, ing pangajaba sageda ka agem ing titiwanei tumapaking upacara dhauping pengantin.
Makaten ugi sawetawis “angsul-angsul” minangka tandha tresna saking kulawarga R. Harjuna kagem kulawarga R. Werkudara, sanadyan mboten mingsra, keparenga hanampi kanthi sukarenaning penggalih.
Ing wasana, kondur panjenengan R. Harjuno sakulawarga namung saged ndherekaken sugeng, kairing pamuji mugi tansah rahayu ngantos dumugi ing palereman.
Kados namung makaten atur kula, minangka panutup Wassalamu’alaikum wr. wb.

Contoh Upacara Midodareni - WEDHARING PANGANDIKA PASRAH ING MIDODARENI

WEDHARING PANGANDIKA PASRAH ING MIDODARENI
(Nyantri saha Pasrah sarana)

- Assalamu’alaikum wr. wb.
- Nuwun, sanggyaning para sesepuh saha pinisepuh ingkang tuhu kinabekten, sumawana para rawuh kakung saha putri ingkang dahat kinurmatan,
- Langkung rumiyin kula hangunjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah ingkang maha Agung, dene sampun kepareng hangayomi lampah kula sakadang, satemah wiwit saking Unggul Pawenang dumugi ing papan menika tansah manggih kawilujengan
- Salajengipun, mugi kalilanana kula matur wonten ngarsanipun R. Harjuna sarimbit ingkang tuhu kinurmatan
- Kula pun Setiaki, kairing sagung para kadang pangayab, kautus dening panjenenipun R. Werkduoro sekaliyan, ingkang lenggah dedalem ing Unggul Pawenang, supados :
1. Ngaturaken kasugengan saha salam taklim , saking R. Werkudoro sekalian mugi katur wonten ngarsanipun R. Harjuno sarimbit.
2. Gayutan kaliyan manunggaling karsa, anggenipun badhe sami mangun bebesanan lumantar palakraminipun Bgs, Kaca Negoro kalian Rara Ayu Pregiwo, putra putri panjenenganipun R. Harjuna, pramila ndalu punika kula kautus nglarabaken sowanipun Calon Pianganten kakugn, ingkang wigati caos palapuran bilih Calon pinanganten kakung sampun siyaga ing dhiri lan rumanti ing pakarti, badhe nampi nikahipun Rara Ayu Pregiwa, saking penjenenganipun R. Harjuno, ing dinten benjang-enjang, cundhuk kaliyan wanci ingkanga sampun rinantam.
3. Sowan kula ing dalu menika ugi kautus, hangaturaken uborampe sarat sarana, kinarya netepi tatacara adat Jawi ingkang lumampah. Wondene wujuding uborampe sarat sarana ingkang saged kula aturaken :
a. Awujud Pisang raja setangkep ingkang sinebat pisang sanggan rinengga sigi sapethet myang sekar sapelik, kinarya tandha yekti R. Werkudara hamasrahaken sesanggan anggenipun badhe andhaupaken calon pinanganten sarimbit
b. Maskawin utawi mahar, awujud Sapengadeg busana Sholat, kinarya sarat sarana abashing akid nikah samangke
c. Busana sapengadeg sha rerenggan saking kencana/ mas-masan, kagem calon pinanganten putri, kinarya tandha sih katresnanipun Bgs. Kacanegara dhumateng Rara Pregiwa.
d. Sawetasis redana, pinangka sarana hanyengkuyung lumaksaning upacara wiwahan dhauping pengantin sarimbit
e. Awujud Dedhaharan , minangka sarana nyupeketaken manunggaling kekadangan saking brayat Werkudaran dalah brayat Harjunan.
Sanadyan sedaya uborampe ingkang sampun kula aturaken ing ngajeng, mboten sepintena lamun kinerta aji ing arto, namung mugi wontena keparengipun R. Harjuno sekalian, hanampi kanthi suka lega legawaning penggalih.
- Ing wasana, ambok bilih wonten kiranging trapsila myang subasita sowan kula sakadang , menapa dene wonten kithal kuciwaning atur kula ingkang mboten damel rena ign penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula nyuwun agunging pangaksami
- Pinangka panutuping atur Wassalamu’alaikum wr. wb


WEDHARING PANGANDIKA PANAMPI PASRAH ING MALEM MIDODARENI
(Nyantri saha pasrah sarana)


- Assalamu’alaikum wr. wb.
- Sagung para sesepuh pinisepuh ingkang tuhu kinabekten, sumawana para rawuh kakung saha putri ingkang tuhu kinurmatan.
- Mugi kalilahana , kula ingkang piniji pinangka sulih sarira R. Harjuna hanyaruwe wekdal sawetawis kinarya hananggapi wedharing sabda saking pangarsaning duta R. Werkudoro ing Unggul Pawenang.
- R. Setiaki miwah para kadang pangayabing calon penganten Kakung saking Unggul Pawenang ingkang pantes kinurmatan
- Kula pun Nakula, ingkang piniji sulih sarira R. Harjuna sarimbit, kanthi tansah hangunjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, keparenga langkung rumiyin, ngaturaken pambagya sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun awit saking rawuh panjenengan sakadang.
- Salajengipun, hananggapi wedharing sabda saking R. Setiaki, minangka duta saking R. Werkudoro ing Unggul Pawenang ,
1. Paringipun kasugengan saha salam taklim saking R. Werkudoro sekalian kula tampi kanthi suka gembiraning manah. Makaten ugi salam taklim saking R. Harjunao sakulawangsa, mugi kaaturna R. Werkudoro sakukuban
2. Rawuhipun Calon pinanganten kakung ing wanci menika, saestu damel tentreming penggalih R. Harjuna sakaluwarga, awit saestu badhe kasembadan sedyanipun andhaupaken putra pinanganten kekalih, jumbuh kaliyan rantaman ingkang sampun rinacik.
Ingkang menika R. Harjuna sekaliyan, ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami , Mugi Allah SWT marengakaen satemah sedya tama ingkang sampun rinantam saged kasembadan kanthi kali sing sambekala
3. Paringipun Uborampe sarat sarana ingkang awujud pisang sanggan, maskawin menapa dene sanes-sanesipun ingkang maneka warni, ingkang werdinipun ugi sampun kababaraken, R. Harjuno sekalian hanampi kanthi suka gembiraning manah , saha ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene semanten lomaning penggalih saha luhuring budi R. Werkudoro sekaliyan. Mugi-mugi kanthi paringipun sarat sarana kalawan, saestu saget mahanani kasembadaning sedya , lestarining jodho miwah kamulyaning gesang bebrayanipun putra pinanganten sarimbit ngantos dumugi ing delahan.
- Ing wasana ambok bilih anggenipun hanampi saha hangacarani rawuh panjenengan sakadang , kathah kekirangan saha kalepatan ingkang mboten damel reraning penggalih , R. Harjuna sakulawarga nyuwun agunging pangaksami . Makaten ugi kula pribadi ingkang piniji minangka talanging atur R. Harjuna, mbok bilih kathah lepat atur kula, ugi nyuwun gunging pangaksami
- Salajengipun katur R. Setiaki sakadang, kasuwun sekeca lenggah kanthi mardikaning penggalih , ngantos paripurnaning gati ing mangke.
- Pinangka panutuping atur, Wassalamu’alaikum wr. wb.

---------------------------------------

ANCER ANCER PAMITAN ING MIDODARENI

Assalamu’alaikum wr. wb.
Para sesepuh saha pinisepuh ingkang tuhu kinabekten , sumawana para rawuh kakung saha putri, langkung-langkung R. Harjuna sekaliyan garwa dalah kula warga ingkang tuhu kinurmatan.
Kawawas wigatosing sowan kula sakadang, nuninggih : sepisan , nglarabaken sowanipun Calon pinanganten kakung saperlu nyantri ing ndalu menika saha angka kalih kinen hamsrahaken uborampe sarat sarana / peningset saking R. Werkudoro katur R. Harjuno, kados sedaya sampun katampi kanthi sukarenaning penggalih, ateges jejibahan kula sampun paripurna.
Rehnian gsampun sawetawis dangu anggen kula sowan, saha benjang-enjang Calon Penganten kakung tasih kedah cecawis kangge hanindakaen upacara akad nikah, pramila mugi wonten keparengipun kula sakadang dalah calon penganten kakung nyuwun pamit, miwah nyuwun tambahing pangestu , mugi lampah kula dumugi palereman tansah manggih widada kali sing sambekala.
Sepisan malih ambokbilih katah kekirangan saha kalepatan anggen kula sakadang sowan, miwah wonten kithal kuciwaning atur, keparenga R. Harjuna sakaluwarga , sumbrambahipun Sagung para rawuh paring agunging pangaksami.
Ing wasana dhumateng sagung para tamu, sungeng lelenggahan, mugi berkahing Gusti Allah SWT tansah tumedhak tumanduk panjenengan sedaya lan kula sakadang.
Cekap semanten atur kula, Wassalamu’alaikum wr, wb. Nuwun

------------------------------------

Contoh Upacara Kembar Mayang

UPACARA TEBUS KEMBAR MAYANG
(TUMURUNING KEMBAR MAYANG)


A. PURWAKANING ATUR PANATACARA :
Sagung para rawuh kakung saha putri ingkang tuhu kinurmatan.
Inggih awit saking keparengipun R. Harjuna, ing mangke badhe ka adanan Upacara Tebus Kembar mayang.
Wondene Para paraga ingkang piniji hanawung karti nuninggih :
 Pinangka Ki Wasita Jati : Kasarira Bp . Baladewa
 Pinangka Ki Sarayajati : Kasarira Bp. Sadewa
 Pringgarumeksa dipun sarirani dening Bp. Sukarya dalah Bp. Piguna
 Pangombyong Ki sarajati : Ibu Mulyati, Ibu Rejeki, Bgs. Raharja saha Bgs Jadmika
Rehning sampun ndungkap wahyaning mangsa kala saha sedaya sampun siyaga, pramila upacara tumuli badhe kula purwakani.
Dhumateng sagung para tamu kasuwun sekeca lenggah kanthi mardikaning penggalih, saha nyuwun idi pangestu mugi adeging upacara saged lumampah kanthi rancak kali sing sambekala.

B. UPACARA KAWIWITAN
1. Ingkang hamangku karsa utusan
- Sesarengan punika, Dhalang Suluk Pathet Kedu
Myat langening kalanggyan, aglar pandam muncar, oo. tinon lir kekonang, surem sorote tan padhang , a sor lan pajare, oo. oo. tur mameng nggegana, oo.oo. Dhasare mangsa katiga, oo. hima hanaweng, ingujung ancala, lan a karya wigena, oo. miwah isining wana, oo.oo. Wreksagung tinunu. --- Ayak-ayak ------
- R. Harjuna sekalian, Calon Penganten putri lenggah , kaadhep Ki Sarayajati dalah pangombyong.
2. Gendhing Suwuk, Dalang Pocapan :
Tatasing rahina gumanti ing ratri, ing nggegana katon remu wancine wus panglong.
Nalika samana nuju ari tumpak cemengan magut ratining ditekasih dhawah surya kaping 26 - 9 – 98 sinengkalan Ngesthi tumenga aruming siwi.
Ono titahing Gusti kang asma R. Harjuno sarimbit, arsa netepi darma andhaupaken putranira kang sesilih Rr. Pregiwo.
Ing mangke lagya samya lenggah ing pendapi, Ing semu emeng jroning wardaya, menggalih pamothahipun ingkang putra nenggih Calon Pinanganten putri, nyuwun supados dhaupipun tinengganan Sekar adi Mancawarna utawi sinebat Kembar mayang. Nalika samana R. Harjuno, lagya hanampi rawuhipun Ki Sarayajati, ingkang arsa sinaraya ngupadi Kembar mayang. Sasampunipun bage binage, R. Harjuno tumuli medharaken telenging gati, mangkana wijiling pangandika…………….
IHK Ki Sarayajati ingkang tuhu kinurmatan, Kula sakulawarga nyuwun senjata pitulung dhateng panjenengan , mugi kepareng ngupadi Sekar adi manca warna utawi Kembar mayang, kangge jangkeping pepasren badhe dhaupipun anak kula pun Pregiwo kaliyan Bagus Kacanegara, Dene Uborampe kagem sarana, ampun kula cawisaken.
SJ Menawi tetela makaten, sanadyan awrat jejibahan menika, namung kula badhe nyendikani dhawuh panjenengan. Rehning uborampe sampun cumawis, pramila kula tumuli nyuwun pamit saha nyuwun tambahing pangestu mugi kula saged lebda ing karya.
IHK Kula namung dherek memuji mugi tindak panjenengan raharja ign marga saha sembada ing karya.

Dalang Pocapan .
Purna nggenya paring pangandika, ingkang sinaraya gya jumangkah netepi wajib kadherekaken para Pangayab, kanthi sesanti mugi tansah rahayu.
--------------- (Gendhing Ld. Mugi Rahayu S1 Myr. ) ----------------
Kisarayajati saha pangayab jawat asta pamit, lajeng miyos.
Dhalang pocapan.
Lah punika ta warnane, Ki Sarayajati ingkang nembe lelana, angupadi Kembar mayang. Jroning lumaksana kadherekaken para pangayab, nenggih Eanodya kekalih ingkang ngasta baki isi sadak lawe saha tuwin baki isi klasa Bangka ya tilam lampus. Ingkang sisih wuri Paraga kakung kalih, kang sawiji hamundhi lira, kang sajuga ngampil songsong pinangka jangkeping sarat sarana.
Datan cinarito lampahe Ki Sarayajati, gantyo ingkang winuwus. Wonten papan asri pinetha kadya pacrabakan. Sayekti menika pacrabakan Palo amba, nenggih papan cumondhoking Sekar adi Mancawarna ya Kembar mayang.
Sinteta ingkang kadi pinandita lenggah ing salebeting pacrabakan ? . Tan sanes nenggih ingkang bebisik Ki Wasitojati.
Nalika samana lagya lenggah kaliyan abdi kinasih kekalih, kasaru sowanipun Ki Sarayajati miwah para pendherek.
Dupi sampun satata lenggah, Ki Wasitjati daya-daya gya ngacarani kang nembe prapta. Makaten wijiling pangandika ingkang dereng kawiyos ing lesan….
------ Nengga gendhing suwuk ----- lajeng wawan rembag.


ADEGAB ING PACRABAKA PALOAMBA
Wj. Kisanak ingkang nembe rawuh, keparenga kula ngaturaken kasugengan, saha nyuwun pirsa, panjenengan menika sinten lan saking pundi ?
Sj. Inggih Kyai, awit pangestu panjenengan, sowan kula sakadang tansah pinayungan ing karahayon.
Salajengipun keparenga dherek nepangaken, ingkang sudi amestani kula pun Sarayajati, wingking saking Padhukuhan Madukara. lajeng kepareng nyuwun pirsa, ngriki menika padhukuhan pundi saha panjenengan punika sinten Kyai ?
Wj. Kawuningana Kyai Sarajati, ngriki punika pacrabaan Paloamba kalebet wewengkon padhukuhan Tegalsari. Dene kula ingkang name Wasitajati, sisih kula punika Pringga rumeksa saha Rumeksa Pringga.
Lajeng mengku wigati ingkang pundi dene panjenengan karaya raya rawuh ing pacrabakan menika, Kyai?
Sj. Ngaten Kyai, kula menika nembe sinaraya dening R. Harjuno ingkang lenggah dedalem ing Padhukuhan Madukara, Kinen ngupadi Sekar adi mancawarna utawi Kembar mayang, kinarya sarana dhupipun Rara Pregiwo kaliyan Bgs. Kacanegoro.
Manut goteking akathah, bilih Kembar mayang kala wau, wnci menika cumondhok ing ngriki saha Ki Wasitjati ingkang kapiji hamurba. Menapa inggih leres makaten Kyai?
Wj. Leres pangandika panjenengan kisanak, bilih sekar adi mancawarna ingkang ugi kasebat kalpataru dewandaru Jaya ndaru ugi winastan kembar mayang, mila cumondhok wonten ngriki. Lah inggih ingkang wonten ngarsa panjenengan menika wujudipun.
Sj. Wah, saestu begja kemahyangan tumrap kula, kyai. Namung saderengipun, Keparenga nyuwun pirsa , menapa reroncening sekar adi mancawarna wonten werdinipun Kyai?
Wj. Makaten kisanak, mugi andadosna ing pamriksa, bilih Kembar mayang menika pinangka pralambanging Wahyu Jodho. Peamila tumurunipun dhateng priyantun ingkang hambeg utama, ing rikalanipun badhe nambut silaning akrama.
Dene Kembar mayang punika wonten peranganipun saha saben perana wonten werdinipun piyambak-piyambak, tumprap pinanganten. Wondene babaripun makaten:
1. Oyodipun sinebat Bayubojro. werdinipun minangka pasemon kekiyatan. Liripun tiyang ingkang badhe palakrama kedah Santosa lahir lan batos, murih mboten gampil kasempyok ing godha ingkang saged damel rengkaning bebrayan
2. Wit ipun sinebat Purwa sejati. Tegesipun wiwitanipun agesang bebrayan, kedah linambaran santosaning tekad, adhedasar katresnan jati, tinangsulan reh darmaning palakrami manut paugeraning agami tuwin negari.
3. Pangipun sinebat keblat papat, inggih menika :
 Ingkang mangling ngaler, sinebat andong birawangga
 Ingkang ngetan, sinebat girang puspondriya
 Ingkang ngidul, sinebat janur nur cahya
 Ingkang ngilen , sinebat Waringin jati laksana
werdinipun, mugi penganten anggeipun ngupadi pangupajiwa dhaten gpundi papan, kedah linambaran budi rahayu, tebih tindak duraka, linambaran panyuwun mring Gusti ingkang maha Suci, murih tansah pinaringan pitedah tuwin pangayoman
4. Dene sekaripun sinebat Dewandaru jayandaru saha wohipun sinebat ndaru tuwin kilat.
Tegesipun, sasampunipun palakrama, kaajab saged nuwuhaken wohing katresnan awujud putra. Putra sageda kagulawenthah kanthi pratitis, murih dados manungsa ingkang utami.
5. Sangandhapin kembar mayang wonten degan sajodho, mengkuwerdi, pangajab mugi temanten kekalih lestari dadya jodho, tuwin kekalihipun mugi tansah atut tuntuk pindha mimi hamintuna,. Dene isining degan awujud toya wening , tegesipun penganten kekalih sageda tansah wening ing penggalih, satemah samubarang pakarti saged pratitits andayani sembada ingkang sinedya, jumbuh ingkang ginayuh . Makaten kisanak menggah werdinipun kembar mayang
Sj. Matur agungin panuwun Kyai, dene sampun kepareng medharaken menggah werdining kembar mayang
Salajengipun, Kyai, mugi wontena keparengipun, kembar mayang kula suwun, kinarya sarana dhupipun Rara Pregiwa. Menawi kedah katumbas, pinten kerta ajinipun Kyai ?
Wj. Ngaten kisanakkembar mayang menika mboten kenging katumbas kanthi arta, nanging saged katebus kanthi sarana
Sj. Lajeng sarananipun menapa Kyai?
Wj. Sarananipun, wonten 3 perkawis, sepisan Sadak lawe sajodho, kaping kalih Klasa Bangka/ tilam lampus, ingkang punkasan purnaning gati kedah kawangsulaken dhateng marga catur.
Sj. Menawi makaten Kyai, sarana panebusing kembar mayang sumangga keparenga nampi, dene sarana ingkang pungkasan badhe kula estokaken
---------------- serah terima sarana ---------------
Salajengipun keparenga kembar mayang tumuli badhe kula boyong dhateng dalemipun R. Harjuno.
Wj. Inggih, sarana kula tampi, nangin saderengipun kembar mayang kaboyong, keparenga badhe kula wateki mantra sekti langkung rumiyin awujud rerepen amrih mboten alum ron miwah sekaripun
Sj. Sumangga Kyai
Wj. Nyekar Dhandhang gula 1 – 5 pada;
“ Ana Kidung rumeksa ing wengi, teguh hayu luputa ing lara, luputa bilahi kabeh, Jim setan datan purun. Paneluhan tan ana wani, miwah panggawe ala, gunane wong luput , geni atemahan tirta, maling adoh tan ana ngarah mring mami, guna duduk pan sirna.”
Makaten Kyai, sanadyan namung sapada, mugi bangkit andayani dhumateng kembar mayang murih kawontenanipun tetep adi
Sj. Matur nuwun Kyai, salajengipun rehning kados sampun purna sowan kula, pramila keparenga kula nyuwun pamit saha nyuwun tambahing pangestu mugi rahayu lampah kula ngantos dumugi Madukoro
Wj. Inggih ta kisanak, kula namung saged ndherekaken sugeng . Nangin weling kula, sanadyan kasaputing ndalu sampun ngantos kendel menawi dereng dumugi dalemipun R. Harjuno. Sha ing mangke badhe kula kantheni Pringga rumeksa, murih yuwana tindak panjenengan, uwal saking priangga bayaning margi.
Sj. Sedaya dhawuh panjenengan badhe kula estokaken Kyai, salajengipun kepareng bidhal samenika

Dhalang :
Paripurna gatining titilaksana, ingkang sami hanawung kridha samya siyaga ing dhiri sawega ing gati, amboyong kembar mayang kondur mring dalemipun kang hamangku karsa. Gembira jroning lumaksana sinambi hamirsani tandur kang dedheng nglilir.
----------- Gendhing ilir-ilir, Kacondra Mc. ----------

C. ADEGAN SRAH PENAMPI KEMBAR MAYANG
Nalika samana, dupi wus kasembadan hamboyong Sekar adi mancawarna, Ki Sarayajati tumuli mandhap saking pacrabakan kadherekaken para Pangayab. Esthining nggalih daya-daya dumugi ing Padhukuhan Madukoro sowan prayagung ingkang anduta. Gelising Carita, datan kinocap lampahe Ki Sarayajati ing samarga-marga, ing mangke wus ngancik gapuraning wisma R. Harjuno
Nalika samana, R. Harjuna kaliyan garwa dalah Calon Pinanganten putri, lagya lenggah ing pendhapi. Dupi mulat lamun Ki Sarayajati wus kepareng rawuh, gya jengkar king palenggahan R. Harjuna myang garwa putra, arsa hamagap rawuhipun Ki Sarayajati
Ing korining wisma, Ki Sarayajati ngaturaken purwa madya wasana ing rehing dinuta. Tumuli Ki Sarayajati hamasrahaken sekar adi mancawarna ya kembar mayang. R. Harjuno kanthi suka jroning penggalih hanampi Kembar mayang, saha sanget hangaturaken gungin panuwun dhumaten Ki Sarayajati, ingkang sampun sembada ing karya
Ki Sarayajati sakadang gya kaaturan pinarak ing panti bujana, saperlu kembul bujana andrawina, ngiras pantes ngaturaken puji syukur miwah puja pandonga mring Gusti kang maha Kawasa, murih kasembadaning sedya.
------------ Ayak-ayak Umbul donga ---------

D. PARIPURNA
Sagung Para tamu minulya, sampun paripurna, upacara panebusing Kembar mayang. Ambok bilih para paraga salebetipun hangayahi adicara punika, kathah kekirangan saha kalepatan, saestu kula sakadang nyuwun agungin pangaksami.
Pinangka pungkasaning atur, sumangga samya asesanti : Jaya jaya wijayanti mugi rahayu ingkang samya pinanggih. Nuwun


KATRANGAN :
Keparenga atur katrangan sawetawis, menapa ta darunanipun dene wiwit para sepuh ing jaman kina ngantos sepriki, tumrap bebrayan Jawi, sampun dados adat/ tradisi bilih ing malem midodareni kaadanan upacara tebus kembar mayang ?
- Kembar mayang lugunipun namung wujuding pepasren ingkang kadamel saking janur kuning kaisi ronronan winadhahan kendhaga, pinatut kanthi paugeran tinantu
- Werdinipun kembar mayang, kembar menika barang kalih ingkang sami wujudipun , dene mayang menika sekar. Mila lajeng dipun wastani pepasren karana sekar kalih ingkang tinata wonten kiwa tengenipun pelaminan, kasuprih murih hangwuimbuhi saya ngenguwung cahyaning temanten sarimbit.
- Nanging menawi manut suraos , kembar mayang menika ngemu pitedah tumrap temanten sarimbit. Inggih menika : landesanipun tiyang jejodhoan menika antawisipun CPK + CPW kedah kembar cipta rasa karsa lan sedyanipun
- Dene Mayang saking tembung Maha Hyang, tegesipun Gusti ingkang hakarya kagad. Liripun palakrami menika kejawi linambaran kembaring cipta rasa karsa dalah sadyanipun. nangin ugi anggenipun palakrama menika hamung netepi dhawuh tuwin kodrating Gusti kang akarya Jagad.
----------------------------------------------------

Contoh Pidato Upacara Kintun Tirta Suci PANGANDIKAN PARA PARAGA ING UPACARA KINTUN TIRTA SUCI

PANGANDIKAN PARA PARAGA ING UPACARA KINTUN TIRTA SUCI

1. R. Harjuno masrahaken tirta suci dhateng duta tirta :
R. Setyaki ingkang tuhu kinurmatan, kula nyuwun pitulungan panjenengan, mugi kepareng ngaturaken tirta suci, dhumateng Calon Besan nenggih R. Werkudoro ing paleremanipun , minangka sarana siram jamasing calon pinanganten kakung. Salam taklim kula sakulawarga mugi kaaturna dhateng besan sarimbit, Fene kondur panjenengan ing mangke keparenga ngasta pagasaning rikma Calon temanten kakung.Kados namung makaten, sumangga tirta suci keparenga nampi.
-- R. Harjuno maringaken kendhaga tirta suci, dipun tampi dening R. Setyaki, lajeng kaparingaken paraga ingkang badhe ngasta. Tumuli R. Setyaki matur :

2. Aturipun R. Setyaki dhateng R. Harjuno :
R. Harjuno sekalian ingkang tuhu kinurmata, ngaturaken gungin panuwun dene sampun kepareng amitados dhateng kula, minangka duta ngaturaken tirta suci katur Calon Besan.
Dhawuh panjenengan badhe kula estokaken, salajengipun rehning sampun samekta ing sedayanipun, pramila kepareng kula nyuwun pamit saha nyuwun tambahing pangestu mugi rahayu ingkang pinanggih . Nuwun.

---- R. Setyaki bidhal, kadherekaken ingkang ngasta tirta. Dipun untapaken R. Harjuno dumugi kori.

3. Pasrahipun R. Setyaki dhateng Besan
Sasampunipun aben ajeng kaliyan besan lajeng matur :
Assalamu’alaikum wr. wb.
Nuwun, kanthi ngunjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, keparenga matur wonten ngarsanipun R. Werkudara kalian garwa ingkang tuhu kinurmatan.
Kula pun Setyaki, sowan wonten ngarsa panjenengan, saestu dinuta dening panjenengaipun R. Harjuno sarimbit, kinen ngaturakenTirta suci , kagem sarana siram jamasing calon pinanganten kakung, kairing Salam taklim saking R. Harjuno sarimbit katur R. Werkudoro sekalian.
Awit saking menika sumangga tirta suci keparenga nampi kanthi suka renaning penggalih. Dene wangsul kula ing mangke, kinen mbekta pagasaning rikma Calon Temanten Kakong, arsa kapetak sesarengan pagasaning rikma calon temanten putri.,
Ing wasana wonten kekirangan ing samukawis saha kithal kuciwaning atur kula, keparenga panjenengan paring gunging pangaksami. Semanten atur kula . Wassalamu’alaikum wr. wb.

-----------Tirta suci kaaturaken, katampi R. Werkudara, kaparingaken Ibu Werkudara. Lajeng ngendika :

4. Pangandika R. Werkudara Nampi Tirta suci :
Assalamu’alaikum wr. wb.
R. Setyaki ingkang kinurmatan, kanthi muji syukur dhateng Gusti Allah SWT, kula ngaturaken kasugengan rawuh panjenengan. Salajengipun panjenengan kautus R. Harjuno maringaken Tirta suci kinanthen salam taklim, kula tampi kanthi bingahing manah, saha ngaturaken agunging panuwun. Salajengipun, panjenengan kula dherekaken sekeca lenggah, saperlu ngestreni tumapaking upacara siraman Calon Penganten kakung.
Wassalamu’alaikum wr. wb.

------------- R. Werkudoro lan Ibu lajeng ngasta tirta suci dhateng sendhang sari, kasokaken wonten kendhogo,
------------- Lajeng lumebet kamar pengantin kawiwitan sungkeman lan salajengipun ngantos siraman purna.

5. R. Setyaki Pamit
Assalamu’alaikum wr, wb.
Kepareng matur dhumaten R. Werkudoro ingkang kinurmatan.
Rehning wigatosing sowan kula sampun pruna, Tuwin upacara siraman Calon Penganten kakung ugi sampun paripurna, pramila keparenga kula nyuwun pamit, saha nyuwun pangestu mugi widodo lampah kula.
Sepisan malih sedaya kekirangan sowan kula, nyuwun gungin pangaksami.
Wassalamu’alaikum wr. wb.

6. Wangsulan R. Werkudoro Rikolo Duto Tirta Pamit
R. Setyaki ingkang tuhu kinasih, kula sakulawarga namung saged ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami, awit rawuh panjenengan. Mboten langkung sakondur panjenengan mangke mugi kepareng ngaturaken salam taklim kula sakulawarga katur R. Harjuno sakulawarga. Kajawi saking menika, kula masrahaken pagasaning rikma anak kula Calon pengantin kakung, mugi kaaturna R. Harjuno, kanthi panyuwun mgui kapetak dados setunggal kaliyan pagasaning rima Calon Pengantin putri.
Kondur panjenengan kula namung saged ndherekaken sugeng, mugi tansah manggih rahayu.
--------- Kendhaga isi pagasan rikma kaparingaken, katampi R. Setyaki , lajeng kondur .

7. Aturipun R. Setyaki dhateng R. Harjuno :
Assalamu’alaikum wr. wb.
R. Harjuno sekalian ingkang saestu kinurmatan. Keparenga kula matur, Sekawit kula kautus ngaturaken tirta suci dhateng Calon Besan, inggih awit keparengipun Allah SWT saha pangestunipun R. Harjuno, dhawuh kala wau sampun kaleksanan kula tindakaken. Tirta suci sampun katampi saha upacara siraman Calon penganten kakung sampun katindakaken.
Samangke R. Werkudoro kintun salam taklim katur panjenengan , saha ngintunaken Pagasaning rikma calon penganten kakung, kanthi pamundhut supados kapetak dados setunggal kaliyan pagasaning rikma Calon penganten putri. Pramila sumangga keparenga nampi.
Wassalamu’alaikum wr. wb.
---------- Cepuk lajeng kaaturakaen.

8. R. Harjuno nampi
Assalamu’alaikum wr. wb.
R. Setyaki ingkang tuhu kinasih. Kula sakulawarga saestu muji syukur dhateng Allah SWT , saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami, dene panjenengan sampun minangkani panyuwun kula.
Kintunan salam taklim saha pagasaning rima Calon penganten kakung, saking R. Werkudoro, kula tampi kanthi bingahing manah.
Salajengipun sumangga panjenengan kula aturi lenggah kanthi merdikaning penggalih.
Wassalamu’alaikum wr.

Contoh Pidato Lamaran TULADHA PANGANDIKA ING UPACARA PANGLAMAR

TULADHA PANGANDIKA ING UPACARA PANGLAMAR


Ing upacara nglamar, limrahipun mboten ngaturi tamu, nanging winates kulawarga, sesepuh lingkungan / RT kasuwun hanekseni saha duta panglamar. Rehning namung pepanggihan kulawarga, pramila mboten mawi panatacara.
Sasampunipun sang duta rawuh lajeng kaaturan lenggah, tumuli
- Babaring pangandika saking ingkang kagungan dalem
- Babaring pangandika saking duta panglamar
- Wangsulan saking ingkang kagungan dalem
- Duta panglamar kasugata sawatawis
- Pamitan duta panglamar
- Hananggapi pamit saking ingkang kagungan dalem

1. Aturipun ingkang Kadungan Dalem
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun, para Bapak ingkang katemben rawuh saha pra lenggah ingkang tuhu kinurmatan.
Kanthi tansah musi syukur wonten ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung, kula ngaturaken pambagya sugeng , sarawuh panjenegan ing rompok kula ngriki. Mugi wonten keparengipun hanyekecakaken lenggah kanthi mardikaning penggalih/
Saderengipun, dipun tepangaken bilih name kula pun Harjuna, dene punika simah kulan, ingkang punika anak kula estri pun Pregiwa………….lsp. Ugi kepareng rawuh, punika Bp Sesepuh Rt 01 kasatriyan madukara.
Kula sakulawarga nyuwun gungin pangaksami, ambokbilih anggen kula nampi saha hananggapi rawuh panjenengan sedaya , kathah kekirangan saha kalepatan ingkang mboten damel sukarenaning penggalih.
Salajengipun, kula pitados rawuh panjenengan wonten wigati ingkang badhe kababar. Pramila mbok bilih sampun wonten keparengipun, sumangga kababarna wigatosing sedya panjenengan rawuh ing rompok kula. Kados semanten rumiyin atur kula, salajengipun kula sumanggaken.



2. Aturipun Sang Duta Panglamar
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun, kasugengan, rahmat saha berkah saking Allah ingkang Maha mirah, mugi tansah kajiwa kasarira ing panjenengan sedaya lan kula waradin sagung kulawarga.
Langkung ruliyin kula tansah hangunjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah ingkang maha Agung, awit paringipun kekiyatan saha kawilujengan, satemah widada sowan kula sakadang wonten ngarsa panjenengan R. Harjuna.
Kepareng kula nepangaken, ingkang sudi mastani kula pun Maruti, dene punika kadang kula Dhimas Tambak Ganggeng saha Dhimas Podhang binorehan.
Sowan kula sakadang, kejawi silaturahmi, ingkang wiganti dinuta dening R. Werkudara ingkang lenggah dedalem ing unggul paeenang, ingkang supados :
Sepisan, ngaturaken salam taklimipun R. Werkudara sakulawarga, mugi katur wonten ngarsanipun R. Harjuna sakulawarga
Ingkang angka kalih, inggih awratipun R. Werkudara tingangisan putra kakungipun ingkang peparab Bagus Kaca Negara, ingkang sampun wonten sambet katresnan saha mthah kepingin gesang bebrayan kaliyan putra putri penjenengan ingkang asesilih Rara Pergiwa. Pramila sowan kula kinen ngebun-ebun enjang anjejawah sonten, nglamar putra – putrid panjenengan nenggih pun Rr. Pergiwa.
Ambokbilih Allah marengaken saha wonten keparengipun R. Harjuna, punapa dene wonten sarjuning penggaling ingkang puta, R.R Pergiwa badhe kasuwun kinarya jatukramaipun Nakmas Bagus Kacanegara.
Salajengipun, ambok bilih wonten keparengipun R. Harjuan, paring wanguslan ingkang gumathok ing dinten punika ugi, kula sanget ngaturaken agungin panuwun.
Kados namung makaten atur kula, ambok bilih wonten patrap saha lepat atur kula ingkang mboten nuju prana, keparenga panjenengan paring gungin pangaksami.
Ing wsana kula sakadang namung badhe hanampi paring dhawuh panjenengan.
Panutuping atur, Wassalamu’alaikum Wr.Wb.



3. Atur wangsulan saking ingkang kagungan dalem
R. Maruti ingkang tuhu luhur ing budi.
Kula ngaturaken agungin panuwun awit saking paring pangandika panjenengan ingkang rumentah dhateng kula/
Sedaya pangandika panjenengan saged kula tampi kanthi cetha, pramila :
Paringipun salam taklim saking R. Werkudara sakulawarga kula tampi kanthi suka bingahing manah, mekaten ugi salam taklim kula sakulawangsa mugi kaaturna dhateng R. Werkudara sakukuban.
Wondene R. Werkudara kagungan sedya, badhe hamupu yoga kepareng mundhut mantu dhateng anak kula pun Rr Pergiwa pinangka jatukramanipun nakmas Kacanegara, kula namung jumurung ing karsa, kados anak kula pun Pergiwa inggih sampun rila ananggapi katresnanipun Nakmas Kacanegara, pramila kula jejering tiyang sepuh amratelakaken bilih panglamaripun nakmas Kacanegara lumantar panjenengan, sampun kula tampi, mugi Gusti Allah ingkang Maha suci ngijabahi, satemah sedyatama kala wau saged kasembadan kanthi kali sing sambekala, pinaringana lestari pinesthining jodho.
Salajengipun, bab dinten kaleksananaing gati, prayogi karembag ing kalodhangan sanes. Namung semanten atur kula, mugi atur wangsulan kulak ala wau kaaturna dhateng panjenengaipun R. Werkudara.
Salajengipun, dhumateng R. Maruti sakadang keparenga sekeca lenggah kanthi mardikaning penggalih, saha keparenga hangedhapi pasugatan sawontenipun.
Wassalumu’alaikum Wr. Wb.

Tuladha Panyandra Kirab Kasatriyan

7. KIRAB KASATRIYAN
- Lamat-lamat kapiyarsa larasing gendhing Ktw. Subokastawa, nalika samana sampun binuka wiwaraning panti busana. Tan pantara dangu, katingal Sri atmaja pengantern sarimbit dening Ki Subomanggala gya kakanthi manjing madyaning sasana pahargyan.
- Tataning lampah sajuru-juru kadya napak tilas tataning kirab sakawit . Ingkang lumaksana ing ngayun nenggih sang subomanggala, sumusul sawingkingipun sang manggalayuda. Datan kantun Patah sakembaran, ingkang tan keri kalayan kepete.
- Sawingkingipun patah, punika ta warnane rising pinanganten sarimbit, kang wus hangrasuk busana kasatriyan. Pranyata wasis paraga ingkang piniji hamranata busananing pinanganten, sayekti datan wonten ingkang kuciwa. Sintenta paraga ingkang piniji pinangka juru raising penganten ? Tan sanes nenggih panjenengaipun Ibu Wara Drupadi, saking sanggar rias pengantin “Busana Adi” ingkang mapan ing Jalan Silihwangi angka 12 Madukara
- Saya wimbuh bagus pasuyane pinanganten kakung, saya wimbuh sulistya citrane pinanganten putri, sawusnya hangrasuk busana kasatriyan. Lamun sinawang yayah satriya Jenggala R. Panji Asmarabangun kaliyan putrid Kedhiri sang Dyah ayu Galuh Candra Kirana
- Jroning lumaksana kekalihira tansah akekanthen asta prasasat tan bisa pisah, pindhane renggang gula kumepyur glali. Kekalihira satuhu wus trep pindha curiga manjing jroning warangka. Sanadyan kang sajuga jejer priya kang sawiji putri parandene kekalihira wus manunggal ing cipta rasa myang karsane …. Paraning sedya arsa lelayaran ing samodraning agesang bebrayan, sajuga kang sinedya nggayuh kulawarga kang bagya lan mulya. Pramila jroning lumaksana tansah bambabar esem kang sarwa manis , ing semu kejawi hangaturaken agungin panuwun, nangin ugi tansah nyuwun tambahing pangestu dhumateng sagung para tamu, murih sembada ingkang sinedya.
- Gantiya ingkang winuwus. Tan kadi ingkang lumaksana ing sawingkingin pinanganten sarimbit, nenggih para putri dhomas. Adhampyak-dhampyak lampahe sarwa sigrak, dedeg piadege racak, dhasare endah anggone macak, eseme esem semanak, mila mboten mokal lamun ingkang nyawang samya cingak. Pramila ambokbilih saking para sepuh samya kepingin mundhut mantu, utawi ingkang jejaka tumaruna kepingin pitepangan, keparenga sesambetan kaliyan protokole.
- Panutuping Kirab nenggih rama ibu saking pinanganten sarimbit. Samya bombing jroning pengghalih, dupi hamriksani pinanganten sarimbit datan kuciwa. Saya wuwuh sukaning penggalih para werdha catur, pindhane kadya kajugrugan wukir sari karoban samodra madu, dupi hamriksani kathahing para tamu ingkang samya kepareng rawuh. Katingal para tamu samya karenan jroning penggalih, pratandha suka jumurung hastuti mring kang lagya hanawung darmaning asepuh.
- Tan rinasa, ing mangke rising penganten sarimbit wus ngancik unggyan kang tinuju. Daya-daya dening Ki Subomanggala gya kaaturan lenggah malih ing dhampar pinasri
- Gelishing carita, dupi wus sembada hangayahi karya, ki subomanggala gya paring sasmita dhumateng para pngayabing kirab, kinen wangsul ing papan sakawit. Mundure Ki Subomanggala sinambi jejogedan pratandha suka jroning nggalih dupi wus bangkit hangentasi karya.

Tuladha Panyandra KIRAB KANARENDRAN

6. KIRAB KANARENDRAN
 Sindhem premanem datan sabawa, ron-ronan datan ebah samirana datan lumampah. Hamung larasing gendhing Ktw. Langen Gita Sri Narendra munya hangrangin yayah asung pakurmatan dhumateng Dri Penganten sarimbit kang nembe kirab.
 Dupi sampun sawetawis nggennya lenggah ing dhampar pelaminan, ing mangke Sri atmaja pinanganten sarimbit sampun kepareng jengkar saking sasana adimulya, arsa manjing panti busana, Keparenging karsa nedya lukar busana keprabon, gumbanti hangrasuk busana kasatriyan.
 Lamun cinandra tataning lampah, ingkang lumaksana ing ngayun nenggih punika ta ingkang sinebat sang Subomanggala. Sinteta ingkang kepareng pinangka Subamanggalaning lampah ?. Tan sanes nenggih panjenengaipun Ki Lurah Badranaya. Dhasar sampun yuswa, lebda ing budaya, katitik tumapaking pada tansah nut wiramaning gangsa, sinawung ebahing asta mangulah langen mataya. Jroning lumaksana, sakedhap-sakedhap noleh nganan, sakedhap-sakedhap noleh ngering , sakedhap-sakedhap tumoleh wingking, Sayekti asung teuntunan dhumateng Sri Penganten sarimbit, murih tansah hanengenaken mring rasa pangati-ati, samubarang tumindak kedah linambaran petangan ingkang pratitis.
 Sawurining sang Subomanggala, katingal ana jejaka tumaruna lumaksana jajar, busana kembar sarwi jenar, punika ta ingkang sinebat Manggalayuda ya talang pati ugi winastan Satriya kembar. Jroning lumkasana tansah mabukuh yayah prayitneng kewuh, hanjagi kayuwananing sang pindha Narendra. Dhasar satriya kekalih samya bagus pasuryane, sembada salirane, pramila pantes lamun kinarya bebetenging sri nata jroning lumaksana. Sinteta ingkang piniji pinangka Talang pati? nenggih Dhimas Bambang Priyambada dalah Bambang Wijarnarka.
 Ingkang lumaksana sawingkingnya Manggalayuda, punika tawarnane patahing temanten. Pinaragan dening Nini Endang Aryani dalah Nini Endang Palupi. Sanadyan maksih wanodya alit, parandene sampun bangkit hangarah prana ingkang samya priksa. Mratandani bilih benjang dewasane tentu bangkit hangentasi karya.
 Ingkang katingal abyor busanane, lumaksana tansah gegandhengan asta, nenggih punika ta gegununganing pahargyan, ya rising pinanganten sarimbit. Kekalihira samya sembada ing warna dhasar rinengga busana kang sarwa endah. Eling-eling sanes busana limrah , nanging tuhu pepethinganign busana. Mila mboten mokal kalamun pinanganten sarimbit datan mantra-mantra jalma madyapada , kawistara pindha Bathara Komajaya Komaratih mangejawantah.
 Pinanganten kakung ngagem busana narendra, makutha kanigara, pinalipit rukmi ginepeng, pinatik rukma kumala. Atela warna kresna, sinulam benang kencana. Ngagem Sangsangan rinengga inten barleyan, carob kalayan sangsangan puspita rinonce, sinawang tuhu hangwimbuhi bregase temanteng kakung. Wangkingan warangka ladrang rinengga oncen-oncening puspita, kinarya lumksana ebah-ebah nambahi gagah. Nyamping Sidomukti pinarada, sayekti katon wibowo.
 Pinanganten putrid tuhu wanodya ingkang sulistya ing warni Gandhes luwes merak ati, sasolahe milangoni,. lelewane tansah hanuju prana. Kawimbuhan dedeg ngringin sungsang, prkulitan kuning nemu giring, guwaya mawa teja, polatan ndamar kanginan, wadana lir kirana purnmasidi. Alise nanggal sepisan, idepe tumengin tawang, netra kocak lindri-lindri , grana ngrungih, karna sedhengan njamur kuping, pipine nduren sajuring . Lathinya manggis karengat, waja limpit miji timur, lamun mesem pait madu.
 Pinanganten pruti ngagem kebayak ingkang warnane, sinulam benang kencana. Nyamping sidomukti kembar kaliyan kang denagem penganten kakung. Mratandhani lamun wus kembar tresnane manunggal ing sedyane./ Bebasan wus tir padha irenge, yen di tir ya padha irenge.
 Ingkang lumaksana jajar kalih ing sisih wuri , menika ta para warara kang cinandra kadi putrid Dhomas./ Sedaya samya sulistya ing warna, dhasar maksih Kenya, upamiya sekar nembe dedheng mangurah sari, pramila datan mokal lamun dadya punjering kawigatosan tumrap para jejaka tumaruna ingkang samya priksa
 Sumusaul sawingkingipun nenggih para kadang sentana saking pinanganten sarimbit, ingkang tansah ing madya mangun karsa. Dene pinangka panutuping lampah, nenggih rama ibu saking pinanganten sarimbit, ingkang tansah tut wuri handayani
 Nalika samana, sampun mentar rising penganten sarimbit , laju tindakroa, manjing panti husana.
Pramila pinunggel semanten rumiyin pangrumpaka Adeging Kirab Kanarendran, hangantu ing mangke tumapaking Kirab kasatriyan.

Tuladha Panyandra Sungkeman

5. Sungkeman
Dupi priksa lamun para pepundhen catur sampun kepareng lenggah, pinanganten sarimbit daya-daya jengkar saking palenggahan gya hangaturaken sungkem mring rama ibu. Candrane tansah kairing puja mugi tansah rahayu.
Nalika samana, sampun jengkar rising pinanganten sarimbit repepeh-repepeh pindha sata matarangan, ngabyantara ing ngarsa rama saha ibu. Wadana tumungkul yayah konjem ing bantala, tangkeping asta sumembah, sinartan eninging cipta nyadhong pangastawa saking rama ibu.
Gilir gumanti pinanganten sarimbit hangaturaken sungkem mring pepundhen catur. Sanadyan lir sinendhal mayang penggaliipun rama ibu dupi hanampi sungkemipun ingkang putra, parandene para pepundhen catur samya paring donga pangestu dhumateng pinanganten sarimbi. Mugi-mugi nggennya badhe amangun balewisma ing madyaning bebrayan agung, tansah tansah manggih cepaka mulya sawakul gedhene, liripun sageda tansah sembada kang sidedya, jumbuh ingkang ginayuh lan dumugi ingkang kaesthi. Lestari pinesthining jodho, atutruntut bagya lan mulya, tebih saking gora godha lan rencana.
Sampun paripurna adicara sungkeman, salajengipun pinanganten sarimbit arsa tedhak citra utawi foto sesarengan rama saha ibu, kinarya pepenget tumapakaking prastawa gati ing wanci punika.
Kanthi upacara tedhka citra, pratandha paripurna upacara adat panggihing pinanganten sarimbit. Daya-daya hangancik adicara salajengipun. Nuwun.

Katrangan :
- Menawi nembe mantu sepisanan, padatan wonten upacara Bubak kawah. Dene cak-cakanipun wonten ingkang dipun damel rowa kanthi nyariosaken pinanganten wiwit tasih wonten kandhutan ngantos diwasa, uborampenipun ugi warni-warni. Nangin ugi wonten namung reringkesan, inggih punika kanthi ngunjuk rujak degan (degan gambaranipun kawah). Sedaya kala wau ngemu pasemon pangajabipun Rama Ibu dhumateng pengantin sarimbit, pinaraingana gangsar, rancak ing sedayanipun salebtipun miwiti mangaun balewisma. Sageda nulat lekasipun rama ibu, saged ambabar turas turun kinarya nyambet sujarahing rama ibu satemah damel mareming raos para sesepuh.
- Menawi mantu ingkang pungkasan, dipun adani upacara Tumplak punjen. Cak-cakanipun rama ibu ambagi pundhi-pundhi (kanthong) isi empon-empon , woj jene , arta receh, dhateng putra wahah. Wonten ugi ingkang mboten dipun kanthongi nanging dipun sebar lajeng kangge rebatan putra wayah.
Dene werdinipun, rehning sampun rampung kewajiban rama ibu dhateng putra, pramila tirahan rejeki peparingipun pangeran, dipun paringaken dhateng putra wayah kinarta netepi jejering sepuh tansah paring tutur, wur lan sembur.

Tuladha Panyandra Besan Rawuh

4. Besan Rawuh
Upacara adat sampun paripurna, ing mangke sampun wonten sasmita, bilih besan nenggih panjenengaipun R/ Werkudara sarimbit kepareng badhe rawuh/ Rawuhipun besan, lamun cindra adamel suka penggalihipun pinanganten sarimbit, yayah kajawahan tirta sinangling kencana.
Dupi pirsa besan kepareng rawuh, R. Harjuna kaliyan garwa daya-daya jengkar saking palenggahan arsa hamapag rawuhipun besan ing wiwaraning wisma
Gantiya ingkang winuwus, nalika samana para prayagung catur sampun ajawat asta, R. Harjuna sekalian sung pambgya , tumuli R. Werkudara sarimbit kadherekaken lenggah ing sasana piniji.

Tuladha Panyandra Upacara Panggih Pengantin

3. Upacara Panggih Saha Adat (Krobongan)
- Wus dungkap wahyaning mangsa kala, tumapaking prastawa gati nenggih upacara adat panggihing pinanganten sarimbit.
Nalika samana, pinanganten kakung lumaksana hanuju mring sasana piniji, makaten ugi pinanganten putri sampun jengkar saking palenggahan arsa hamapag rawuhipun ingkang raka garwa . Lon lonan nggenira lumaksana pinanganten kekalih, pratandha suka hanengenaken mring rasa pangati-ati
- Dupi wus samya caket ngggenira lumaksana, pinanganten kekalih samya apagut tingal, tumuli kumlawe astane samya abebalangan gantal, kinarya pralambang manunggaling sih katresnan jati pinanganten kekalih. Pindhane suruh sanadyan dinalu beda lumah lawan kurebe, parandene lamun ginigit padha rasane.
- Ing mangke pinanganten kakung gya marepegi ponang antiga, tumuli tinapak ing pada, pecah sanalika. Sayekti kinarya pralambang antebing tekade, nggenya badhe mecah saking panggulawenthahing rama ibu,. arsa madeg balewisma mandireng pribadi, kinarya sarana tumbangkaring wiji murih lestarining tumuwuh.
- Pinanganten putri daya-daya anjengku sarwi sumembah, tumuli amijiki samparanipun ingkang raka garwa. Kinarya pralampita prasetyaninpun pinanganten putri, nggennya tansah setya bekti mring guru nadi ing salami-lami. Ing pangajab mugi sedaya lelampahan kirang pryaogi ingkang sampun kawuri den wijiki murih musna kantun watak budi rahayu, kinarya sangu angayuh kamulyaning agesang bebrayan.
- Nalika samana pinanganten kekalih sampun jumeneng jajar akekanthen asta, dening rama ibu gya sinengeban sindur , kakanthi manjing sasana adimulya, kalenggahaken ing dhampar pelaminan. Paran ta werdine dene pinanganten jroning lumaksana kanthi sinengeban sindur . Sayekti kinarya pramlampita, bilih bebrayanipun pinanganen sarimbit tansah tinuntun dening feh darmaning kautaman, tinangsulan deneing reh darmaning plakrami, jumbuh paugeraning agami ingkang rinasuk.
- Sanadyan lon-lonan nggenira lumkasana, parandene ing mangke pinanganten sarimbit wus ngancik unggyan kang tinuju, nenggih sasana adimulya/
- Sindur gya linolos, Ibu juru sumbaga tumuli hamrattitisaken adicara bobot timbang. R. Harjuna gya lenggah ing dhampar pinasri, pinanganten sarimbit pinangku dening ingkang rama. Kawijil pangandikane Ibu Wara Sembadra, mundhut pirsa dhumateng ingkang garwa. “ Awrat pundi bapakne?” Kandthi aris R. Harjuna paring wangsulan, “Padha bobote!” / Anggambaraken lamun wus timbang bobot katresnane, saha kekalihira arsa rinengkuh sami, mboten badhe emban cindhe emban siladan, hanangin kekalihira arsa rinengkuh putra pribadi.
- Paripurna upacara bobot timbang, tumuli hangadani upacara tanen. Liripun pinanganten sarimbit kawisudha lenggah ing dhampar pelaminan, candrane pindha raja myang prameswari. Upacara punika kinarya pralambang, bilih wiwit kala mangsa punika pinanganten sarimbit sampun madeg balewisma mandireng pribadi, uwal saking panggulawentahing rama ibu.
- Salajengipun badhe lumampah upacara kacar-kucur.
Upacara punika anggambaraken bilih jejering kakung wajib paring guna kaskaya dhumateng ingkang garwa. Sedaya asiling pakaryan kedah kaparingaken datan wonten ingkang kasingidaken. Pinanganten putrid anggadhahi wajib hanampi guna kaya peparingin kakung kanthi nastiti ngatiati, den cak-aken kanthi premati murih raharjaning kulawarga
- Upacara kacar-kucur sampun paripurna, salajengipun gya hangadani upacara dhahar walimah. Pinanganten kekalih samya dhahar kembul dulang dinulang, kinarya pralambang prasetyaningpun pinanganten kekalih nggennya dedya sebaya papa sebaya mulya/ Pahit getiring agesang bebrayan dedya karaosaken sesarengan.

Tuladha Panyandra Pengantin Kakung Rawuh

2. Penganten Kakung Rawuh

- Tanggap ing sasmita Risang Pinanganaten kakung, dupi pirsa lamun wus tinengga dening garwa pepudyanipun, daya-daya jengkar saking palereman, arsa manjing sasana wiwahan
- Tan pantara dangu, saking gapuraning sasana wiwahan, sampun katingal gumebyaring cahya pindha teja kinuwung prabawa. Daya dangu saya cetha, saya caket saya ngalela. Sayekti punika tejane rising pinanganten kakung, ingayab dening para kadang sentanane.
- Pinanganten kakung kawuryan ngagem busana ingkang hangamba busananing narendra, lamun kadulu king mandrawa katon agung, mrabu miwah mrabawa.
Agung ateges kebak ing kaendahan kang sanyata adiluhung, mrabu, pindha jejering narendra kang kebak ing kawibawan luhur. Wondene mrabawa, sayekti sinung prabawa, edi endah milangoni.
- Dhasar penganten kakung bagus pasuryane, mikolehi piadege, katon lamun bawa leksana bebudene. Saupama tamtama, sayekti sembada wira tama prawira jayeng palugon . Tatag tangguh tanggon tanggung jawab prapteng ngendon
- Ing mangke wus ngancik wiwaraning sasana wiwahan, pinanganten kakung miwah sanggya para kadang pangayab tumuli samya kandheg nggenira lumaksana, dupi hangancik titilaksana pasarah tinampi
- Pangarsaning duta ingkang kasarra dening R. Setyaki, punapa dene R. Nakula ingkang piniji kinayra sulih sarira R/ Harjuna, sampun samya sawega ing gati. Pramila katur para prayagung ingkang samya hawung karti, sumangga nuwun

TULADHA PANYANDRA PENGANTEN PUTRI WIYOS PINUJUSASANA RINENGGA

1. Penganten putri miyos saking panti busana, lenggah ing sasana rinenggga.

- Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ambabar gendhing Ktw. Sekarteja laras slendro pathet manyura, katingal ana wanodya sulistya ing warni mijil saking panti busana, kakanthi manjing sasana rinengga
- Sampating busana ingkang hangemba busananing prameswarinata, tinon saking mandrawa kawuryan abyor mompyor pating galebyar pating calorot pindha kartika gumingsir papan
- Meloking wadana, sumunu agiler-gilar pindha kencana binabar. Palarapane nyela cendhani sinungging pepaes awarna kresna. Rikma anjanges cecundhuk pinetha wulan tumanggal, den apit centhung kanan miwah kering lir peksi jiwa-jiwa.
Cundhuk mentul pinasng tata pinatut, katiyubing maruta manda pindha astane wong ayu kang lagi ngawe-awe kekasihe / Ukel tekuk kapenet ing sesekaran pinilih, lamun kadulu tuhu wimbuh hamantesi. Lamun cinandra kasulistyaning penganten putrid, sayekti luwih warna kurang candra. Dhasar sedheng dedege, mantesi genging sarira, sasolahe milangoni lelewane tansah hanuju prana , anggambaraken lamun pinanganten putrid tuhu wanodya ingkang pinter bekti marang kakunge.
- Ing mangke nggenya lumaksana pinanganten putrid, wus ngancik unggyan kang tinuju. Dening juru sumbaga gya kaaturan lenggah ing dhampar pinasri
- Nalika samana, pinanganten putrid wus lenggah anggana raras, tegese lenggah piyambak-an . Jroning nggalih hamung tansah hangantu rawuhipun ingkang raka garwa, prandene datan kawijil pangandikane, hamung semuning wadana sung sasmita mugi pinanganten kakung daya-dya kaaturan rawuh.
- Pramila mbalung jagung supama, pinunggel semanten rumiyin, pangrumpaka adicara lenggahipun pinanganten putri ing sasana rinengga, tumuli badhe hangancik adicara salajengipun. Nuwun

CONTOH PAMBAGYAHARJA CONTOH PIDATO UCAPAN SELAMAT DATANG BHS JAWA

ATUR PAMBAGYA

- Assalamu’alaikum wr. wb
- Nuwun , sagung para Alim, para sesepuh saha pinisepuh langkung-langkung Bp. Kyai Wiyoso ingkang dahat kinabekten. Para manggalaning praja ingkang tuhu pantes sinudarsana , sumawana para tamu kakung miwah putri ingkang tansah sinugata ing kaurmatan.
- Kapurwakan kanthi ngujukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT , kula pun Wisnumurti , ingkang piniji pinangka sulih sarira saking R. Harjuno kalian garwa dalah kulawarga , ngaturaken pambagya sugeng rawuh , saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit saking rawuh panjenengan sedaya.
- Salajengipun , kados sampun sami priksa , bilih R. harjuno sekalian dinten menika hanetepi darmanign asepuh, malakramakaken putra putrinipun ingkang asesilih Rara Pregiwa dhaup kaliyan Bagus Kacanegara atmaja kakungipun R. Werkudoro ingkang lenggah dedalem ing unggul pawenang
Wondene upacara ijabing penganten, sampun kalampahan ing ari kalenggahan punika, ka wau wanci tahuh 08 wnip. mapan ing dalem Harjunan . Saking keparengipun Allah SWT awit saking donga pangestu panjenengan sedaya, upacara ijab lumampah kanthi rancak kali sing sambekala.
Pramila rawuh panjenengan sedaya, kasuwun hanekseni saha kasuwun paring tambahing donga pamuji , mugi pinanganten anggenipun badhe mangun bebrayan, tansah manggih kabagyan tuwin kamulyang, dadosa kulawarga ingkang sakina mawaddah warohmah, pinaringana putra ingkang sholeh lan solihah.
- Para rawuh kakung saha putri ingkang tuhu kinurmatan,
Pahargyan ing wanci punika saged lumampah, inggih hamung karana paring pambiyantunipun sanak kadang, tangga tepalih punapa dene tandha tresna saking sagung para tamu.
Ingkang menika panjenenganipun R. Harjuno kaliyan garwa dalah kulawarga, mboten saged atur pinwales menapa-menapa , kejawi namung ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan , kairing panyuwun wonten ngarsa dalem Allah SWT , mugi sih kadarman panjenengan sedaya pinaringan lelintu ingkang satraju.
- Salajengipun R. Harjuno sekalian ugi nglenggana, kathah kekirangan saha kalepatan anggenipun nampi saha ngacarani rawuh panjenengan sedaya, wiwit saking kirang gupuh aruh lungguh tuwin suguh ingkang mboten damel suka reraning penggalih sagung para tamu ingkang punika R. Harjuno sakulawarga nyuwun agunging sih pangaksami.
- Ing wasana dhumateng para tamu kakung saha putri , kasuwun hanyekecakaken anggenipun sami lelenggahan ngantos paripurnaning pahargyan ing mangke kanthi mardikaning penggalih . Saha kasuwun mugi wonten keparengipun hangedhapi pasugatan ingkang saged kaaturaken
- Pinangka panutuping atur, mbok bilih wonten lepat atur kula, keparenga para tamu paring agungin pangaksami. Bilahit taufik wal hidayah, Wassalamu’alaikum wr. wb.

CONTOH PIDATO BAHASA JAWA - TULADHA PANATACARA BASA JAWA

A. ATURIPUN PANATACARA ING PURWAKANING ATUR PANATACARA
Assalamu’ alaikum wr. wb.
Nuwun, ingkang tuhu kinabekten para sesepuh tyang pinisepuh ingkang anggung mestuti mring pepoyaning kautaman. Para Panembang panembating praja, kirarya pangayoming para kawula dasih ingkang tuhu pantes sunudarsana. Sumawana sanggyaning para rawuh kakung saha putri ingkang tansah sinugata ing kaurmatan.
Ngengeti panjenengan sdaya lan kula jejering titah ingkang tansah kapurba kawasesa denin Gusti ingkang Maha Kawasa, pramila sumangga langkung rumiyin kla dherekaken, tansah hangunjukaken puji syukur wonten sahadhap pepadaning Gusti ingkang Maha Agung, dene sampun kepareng hamirahaken kekiyatan tuwin kawilujengan, satemah panjenengan sedaya pawiwahan wanci punika kanthi winantu ing karaharjan.
Salajengipun, tuhu linepatna ing deduka tinebehna ing salwiring sesendhu, dene kula cumanthaka lumarab atur, satemah hanggempil kamardikan nyigeg nggenya nembe wawn pangandikan. Nunggih awrata mundhi dhawuhipun Radyan Harjuna kula kapiji kinen andherekaken lampahing upacara wiwahan dhauping pinanganten sarimbit, nenggih putra putrinipun R. Harjuna ingkang asesilih Rara Pergiwa, dhaup kaliyan Bagus Kacanegara, atmaja kakungipun Radyan Werkudara, ingkang lenggah dedalem ing Unggul Pawenang.
Namung saderengipun. nglenggana bilih kula hamung boboting tiyang cubluk ambalilu, konthong ig seserepan miwh asor ing samukawis, pramila tan jangkeping trapsila punapa denewonten cupet cewet atur kula ing mangke, ingkang saestu tan saged adamel suka reraning penggalih panjenengan sedaya, keparenga kula hangandhang rumentahing sih pangaksama.
Sanggya adilenggah ingkang tuhu kinurmatan wondene rerocening adicara ingkang badhe hangrenggani wiwahan ing wanci punika, nuninggih kadi ingkang badhe katur makaten :
o Titilaksana ingkang sepisan Pambuka
o Kalajengaken ingkang sepisan urut kalih nenggih lumarabing sri atmaja pangantin putri ing sasana rinengga.
o Ingkang rinacik ing adicara urut tiga, rawuhing pengantin kkaung kalajengaken Srah penampi.
o Wondene adicara angka sekawan, upacara adat panggihing pinanganten sarimbit.
o Waosan pustaka Suci Al Qur;an, rinacik ing adicara urut gangsal.
o Ndungkap adicara angka enem, nenggih atur pambagyaharja.
o Kirabing temanten, rinonce ing adicara angka pitu
o Saparipurnaning Kirab, tumuli hangancik adicara angka wolu nenggih wedharing Sabda tama.
o Lajuning upacara dungkap adicara urut sanga nenggih Hastungkara utawi do’a.
o Wondene adicara angka sedasa, Panutup
Makaten sagung adilenggah ingkang tuhu kinurmatan, reroncening adicara ingkang badhe hangrenggani pawiwahan ing wanci punika.Salajengipun kanthi tansah hanyadhong pangayoman mring Gustendhing, ingkang Maha Agung, mugi tumapaking gati wiwit purwamadya dumugi wasana tansah lulus raharja kali sing sambekala, keparenga upacara tumuli badhe kula adani. Pinangka pambuka, kula hangaturake sesanti, PAMIYAKING WARANA KINARYA SARANA HAMEMAYU HAYUNING SASAMA. Katur sagung para rawuh, kula dherekaken sekeca lenggah kanthi mardikaning penggalih, hangantu adicara salajengipun. Nuwun . . . Menai kairing gendhing, nengga ngantos gendhing suwuk . . .
B. NGATURAKEN SABEN ADICARA
1. Pengantin putri lenggah ing sasana rinengga
Para rawuh kakung saha putri ingkang tuhu berbudi mahambeg darma.
Ing salebeting panti busana, pinanganten putrid sampun purna nggenya hangrasuk busana pengantin. Keparenging karsa nedya hangrumiyini lenggah ing sasana rinengga.
Pramila katr Juru pangdi busana, keparenga hamratitisaken adicara punika. Katur juru panata pita suwara kasuwun hangiringi kanthi larasing gendhing ktw. Puspawarna laras pelog pathet barang ( = utawi ketawang Sekarteja laras Slendro pathet manyura ), sumangga.
( Cathetan : Menawi kairing gangsa gesang, nyuwunipun gendhing dhateng para kadang pangrait, saged naming kanthi sasmita. Upaminipun makaten : Lumarabing sri atmaja panganten putrid ing sasana rinengga, kairing para warara lamun cinandra yayah kairing sekar kang mawa teja. ( utai kairing sekar kang manca warna = Ktw Puspawarna ).
. . . Gendhing mungel . . . Panganten miyos .
Menawi badhe kacandra, sesampunipun gendhing dhawah gong lajeng kacandra.
. . Tuladha panyandra. Badhe kaaturaken ing wingking . .
Menawi mboten kacandra karana Panatacara dereng wasis nyandra, sampun kersanipun lumampah kanthi kairing gendhing. Sasampunipun Penganten lenggah, Panatacara lajeng matur :

Sagung para rawuh ingkang tuhu minulyeng budi, ing mangke Pinanganten putri sampun lenggah ing dhampar pinasri. Pramila dhumateng kadang panata pita swara, keparenga hanyigeg larasing gendhing ingkang nembe kapiryasa (menawi gendhing dereng suwuk).

2.Rawuhipun Pengantin Kakung
Sagung para lenggah ingkang winantu ing kaharjan. Adicara urut tiga, nenggih rawuhipun Pinanganten kakung. Awit saking punika, katur Manggalaning Pangombyong penganten kakung, jengkar saking panti palereman, manjing sasana wiwahan. Dhumateng Juru panata pita swara, kasuwun ambiwadha rawuhipun Penganten kakung kanthi larasing gendhing Ladrang Wilujeng laras Pelog pathet baran, sumangga.
. . . Gendhing mungal, lajeng kacadra. . .
Menawi mboten kacandra, lampahipun kados ing nginggil. Sasampunipun Panganten Kakung dumugi ngajeng kori/Tarub, badhe Srah penampi, aturipun Panatacara :

Kandheg nggeya lumaksana Penganten Kakung miwah para pangayab, dupi badhe tumapak adicara srah penampi. Pasrahing Penganten Kakung kasarira Radyan Setyaki, ingkang ing mangke badhe katampi dening Radyan Nakula, pinangka sulih sarira R. Harjuna. Pramila katur Radyan Setyaki Sumangga dhumateng Panata pita swara, kasuwun hanyigeg larasing gendhing ingkang nembe kapiyarsa ( menawi dereng suwuk ).
. . . Sabda pasrah R. Setyaki . . . Purna.

Aturipun Panatacara :
Satuhu tata titi titis tatas, wedharing sabda pasrahing pengaten kakung. Tumuli gya katampi dening R. Harjuna, lumantar juru wicaranipun, ngenggih R. Nakula. Pramila katur R. Nakula sumangga.
. . . Sabda panampi R. Nakula . . . Purna .
Aturipun panatacara :
Paripurna adicara srah penampi penganten kakung, tumuli badhe hangancik salajengipun.

3. Adicara Panggih
Sanggyaning para rawuh kakung saha putri ingkang tansa sinuba ing akrami, sampun wahyaning mangsa kala tumapaking prastawa gati Panggihing Pinanganten sarimbit. Pramila :
 Dhumateng Ibu Juru Sumbaga, keparenga hamratitisaken adicara punika.
 Katur sagung para rauh, kasuwun mugi wonten keparengipun paring pangestu dhumateng pinanganten kanthi jumeneng sawatawis .
 Kadang Panata Pita Swara, kasuwun ambiwadha kanthi larasing gendhing Kodhok ngorek – minggah Ktw. Laras maya Pelog barang.

4. Waosan Pustaka Suci Al Qu’ran
Para rawuh kakung saha putrid ingkang tuhu kinurmatan.
Upacara adat panggihing Pinanganten sarimbit sampun paripurna. Salajengipun hangancik adicara ingkang urut gangsal, nuninggih waosan Pustaka Suci Al Qur’ an, ingkang badhe kaaturaken dening Adimas Samsul Anwar. Namung saderengipun, dhumateng sagung para tamu kasuwun mugi wonten keparengipun hanentremaken suwasana satawis, murih saged hamangun khidmating adicara saha hangalap mufangating titilaksana.
Dhumateng adimas Samsul Anwar sumangga.
... Waosan purna . . .
Kanthi waosan Pustaka Suci Al Qur;an, mugi Alloh paring rohmad ing wiwahan wanci punika.

5. ATUR PAMBAGYAHARJA
Sanggya para rawuh kakung saha putrid ingkang satuhu berbudi mahabeg darma.
Ndungkap adicara urut enem, nenggih atur pambagyaharja saking kulawarga ingkang hamangku karsa. Saestunipun

- UPACARA ADAT
Salajengipun badhe katindhakaken Upacara adat, wiwit saking bobot timbang, Kacar kucur ngantos dhahar walimah. Pramila katur Ibu Juru Pangadi busana keparenga mratitisaken.
(Menawi upacara dhahar walimah sampun purna, lajeng besan rawuh)

- BESAN RAWUH
Kala mangsa menika, Besan sekalian kepareng badhe rawuh.
Pramila katur Radyan Sadewa sekalian garwa, kasuwun hangaturi besan sarimbit jengkar saking sasana palereman manjing sasana pawiwahan.
Katur Radyan Harjuna keparenga jengkar saking palenggahan hamapag rawuhing besan Sarimbit ing korining wisma pawiwahan.
Rawuhipun Besan kinurmatan gendhing Ladrang Tirta Kencana, Kadang Panata pita swara sumangga.
-------Gendhing Munya, kacandra ----- ngantos Besan lenggah –

- SUNGKEMAN
Sagung Hadilenggah ingkang tuhu kinurmatan, sasampunipun Rama Ibu pinanganten sarimbit kepareng lenggah, daya-daya pinanganten sekalian arsa hangaturaken Sungkem mring rama ibu. Pramila dhumateng Ibu Juru Pangadi Busana kasuwun amratitisaken Upacara sungkeman. Kadang Panata pita swara kasuwun hangiringi kanthi gendhing Ladrang Mugi Rahayu laras Slendro pathet manyura.

- TEDHAK CITRA
Upacara Sungkeman sampun paripurna, salajengipun Pinanganten sarimbit kepareng tedhak citra utawi Foto sasarengan Rama Ibu. Dhumateng kadang Juru Foto kaparenga hamratitisaken.

4. WAOSAN PUSTAKA SUCI AL-QUR’AN
Para rawuh kakung saha putrid ingkang tuhu kinurmatan.
Upacara adat panggihhing pinanganten sarimbit sampun paripurna. Salajengipun hangancik adhicara ingkang urut gangsal, nuninggih waosan Pustaka Suci Al-Qu’ran, ingkang badhe katuraken dening Adimas Samsul Anwar. Namung saderengipun dhumateng sagung para tamu kasuwun mugi wonten keparengipun hanentremaken satawis, murih saged hamangun khidmating adicara saha hangalap mufangating titilaksana.
Dhumateng adimas Samsul Anwar sumangga .
-------------- Waosan purna ----------------
 Kanthi waosan Pustaka suci Al Qur’an , mugi Allah paring rohmad ing wiwahan wanci punika.
- UPACARA ADAT
Salajengipun badhe katindhakaken Upacara adat, wiwit saking bobot timbang, Kacar kucur ngantos dhahar walimah. Pramila katur Ibu Juru Pangadi busana keparenga mratitisaken.
(Menawi upacara dhahar walimah sampun purna, lajeng besan rawuh)

- BESAN RAWUH
Kala mangsa menika, Besan sekalian kepareng badhe rawuh.
Pramila katur Radyan Sadewa sekalian garwa, kasuwun hangaturi besan sarimbit jengkar saking sasana palereman manjing sasana pawiwahan.
Katur Radyan Harjuna keparenga jengkar saking palenggahan hamapag rawuhing besan Sarimbit ing korining wisma pawiwahan.
Rawuhipun Besan kinurmatan gendhing Ladrang Tirta Kencana, Kadang Panata pita swara sumangga.
-------Gendhing Munya, kacandra ----- ngantos Besan lenggah –

- SUNGKEMAN
Sagung Hadilenggah ingkang tuhu kinurmatan, sasampunipun Rama Ibu pinanganten sarimbit kepareng lenggah, daya-daya pinanganten sekalian arsa hangaturaken Sungkem mring rama ibu. Pramila dhumateng Ibu Juru Pangadi Busana kasuwun amratitisaken Upacara sungkeman. Kadang Panata pita swara kasuwun hangiringi kanthi gendhing Ladrang Mugi Rahayu laras Slendro pathet manyura.

- TEDHAK CITRA
Upacara Sungkeman sampun paripurna, salajengipun Pinanganten sarimbit kepareng tedhak citra utawi Foto sasarengan Rama Ibu. Dhumateng kadang Juru Foto kaparenga hamratitisaken.

4. WAOSAN PUSTAKA SUCI AL-QUR’AN
Para rawuh kakung saha putrid ingkang tuhu kinurmatan.
Upacara adat panggihhing pinanganten sarimbit sampun paripurna. Salajengipun hangancik adhicara ingkang urut gangsal, nuninggih waosan Pustaka Suci Al-Qu’ran, ingkang badhe katuraken dening Adimas Samsul Anwar. Namung saderengipun dhumateng sagung para tamu kasuwun mugi wonten keparengipun hanentremaken satawis, murih saged hamangun khidmating adicara saha hangalap mufangating titilaksana.
Dhumateng adimas Samsul Anwar sumangga .
-------------- Waosan purna ----------------
 Kanthi waosan Pustaka suci Al Qur’an , mugi Allah paring rohmad ing wiwahan wanci punika.

5. ATUR PAMBAGYAHARJA
Sanggya para rawuh kakung saha putrid ingkang satuhu berbudi mahambeg darma.
Ndungkap adicara urut enem, nenggih atur pambagyaharja saking kulawarga ingkang hamangku karsa. Saestunipun R/ Harjuna nedya lumarab atur pribadi, parandene kabekta saking sanget bombing saha bingahing penggalih hanampi rawuh panjenengan sedaya, satemah tan saged kawijil sedya pamaturipun. Pramila atur pambagya harja badhe kasarira panjenenganipun R/ Wisnumurti. Katur R. Wisnumurti sumangga kula dherekaken jengkar saking palenggahan jumeneng ing sasana sabda, dhumateng R. Harjuna sekalian kasuwun jumeneng hangampingi.
---------------- Atur pambagya paripurna ----------------
Makaten wijiling atur pambagyaharja saking kulawarga ingkang hamangku karsa, ingkang sampun kawedhar lumantar R/ Wisnumurti.

6. KIRABING PENGANTEN
*) Kirab Kanarendran
Para tamu kakung saha putrid ingkang dahat minulyeng budi. Sampun sawatawis Pinanganten sarimbit nggenya lenggah ing dhampar pinasri. Keparenging karsa nedya manjing sasana busana, saperlu gantos busana. Pramila daya-daya hangancik adicara urut pitu, nenggih Kirabing Penganten. Dhumateng Ibu Juru Pangadi busana keparena hamratitisaken adicara punika (menawi wonten Subomanggala) dhumateng Ki Subomanggala keparenga siyaga ing diri sawega pita suwara., (menawi wonten Subomanggala) praptanipun Ki Subamanggala kairing gendhing Ayak-ayak Slendro manyuro, dene jengkaripun Pinanganten sarimbit keparenga hangiringi kanthi larasing gendhing Ktw. Langen gito sri narendra. -----------------gendhing mungel --- temanten manjing panti busana ------------Sanggya adilenggah ingkang tuhu winantu ing kawiryan.
Sinambi hangantu pinanganten sarimbit purna nggenya gantos busana, ing mangke para kadang mudha juru ladi kepareng sowan hangaturaken pasugatan katur sagung para tamu minulya. Pramila hambok bilih ingk mangke wonten ngarsa panjenengan kaaturaken pasugatan, kasuwun mugi wonten keparengipun hangedhapi pasugatan ingkang katur kanthi mardikaning penggalih/
Kinarya haminyak sepining suwasana, ing mangke badhe katur larasing gendhing ---------------------(sumangga mardika kapilih ingkang prayogi) Dhumateng kadang panatapita, sumangga.

*) Kirab Kasatriyan
Para rawuh kakung saha putrid ingkang tuhu kinurmatan. Ing mangke pinanganten sarimbit sampun purna nggenya gantos busana. Salajengipun kepareng badhe lenggah malih ing dhampar pinasri, kanthi rinumpaka ing adicara Kirab Kasatriyan. Pramila dhumateng Ibu Juru pangadi busana Ki Subomanggala, kasuwun hamratitisaken adicara menika.
Dhumateng kadang panata pita suwara , keparenga hangiringi kanthi larasing gendhing Ktw. Subokastawa Laras Pelog Pt. 6. ----------------Gendhing mungal, Temanten miyos ngantos lenggah) --------------------

7. SABDA TAMA/ WURSITAWARA
Sagung adilenggah ingkang tansah kinaroban robing samodra yuwana basuki.
Ing mangke Pinanganten sarimbit sampun lenggah malih ing dhampar pinasri. Ing semu kekalihipun tasih mangu-mangu jroning kalbu, karana rumaos kiranging sangu nggenya badhe hanggebyur ing samodraning agesang bebrayan. Pramila tansah hangantu paringipun wasita adi saking para sepuh.
Pramila daya-daya hangancik adicara ingkang urut 8 nenggih wedharing sabda tama, ingkang badhe dipun paringaken dening R/ Puntadewa. Katur Ingkang tuhu kinabekten, panjenenganipun R. Puntadewa, sumangga kula dherekaken.

-----------------Wursitawara kababar ngantos purna --------
Makaten wedharing wursitawara saking panjenenganipun R/ Puntadewa , mugi-mugi dening pinanganten sarimbit saged kancandhi pindha jimat paripih kinarya oboring lampah nggennya badhe lelumban ing madyaning agesang bebrayan.

8. HASTUNGKARA/ DO’A
Pra tamu kakung sumawana putrid ingkang tuhu kinurmatan.
Hangancik adicara ingkang urut 9 , nenggih paringipun puja hastungkara saking sagung para tamu, ingkang mangke kasuwun dipun pangarsani dening Eyang Wiyasa.
Katur Panjenenganipun Eyang Wiyasa, sumangga kula dherekaken
-----------------------Hastungkara purna --------------------
Sagung para rawuh ingkang minulyeng budi.
Saderengipun kula dherekaken hangancik adicara salajengipun, keparenga lajuning adicara kula sigeg langkung rumiyin, saperlu atur kalodhangan dhumateng para kadang juru ladi hangaturakaen pasugatan katur sagung para tamu minulya.
Pramila hambokbilih ing mangke wonten ngarsa panjenengan sedaya sampun kaaturaken pasugatan, kasuwun mugi wonten keparengipun hangedhapi pasugatan kanthi mardikaning penggalih. Kinarya hamyak sepining suwasana ing mangke badhe katur larasing gendhing ………….ing pangajab saged hanambahi raos eca nggenya hanikmati pasugatan.

9. PANUTUP
Sanggyaning para rawuh kakung saha putrid ingkang tuhu kinurmatan.
Mboten dangu malih pahargyan punika badhe paripurna. Namung Saderengipun kula dherekaken hangancik adicara panutup, keparenga kula ingkang piniji handherekaken lampahing adicara, saestu nglenggana kathah kekirangan saha kalepatan ingkang mboten adamel suka renaming penggalih sagung para tamu. Pramila kula namung saged hangaturaken tebah siti wohing dami kinukus binuntel roning kalapa, sedaya kekirangan saha kalepatan nyuwun gunging pangaksama.
Sagung Para tamu ingkang satuhu berbudi mahambeg darma. Pinangka pratandha paripurnaning pahargyan, pinanganten sarimbit jinajaran rama ibu keparenga jengkar saking palenggahan, tumuli jumeneng wonten korining sasana pahargyan, saperlu hanampi paring pangestunipun sagung para tamu.
Dhumateng Ibu Juru Pangadi busana kasuwun hamratitisaken, dhumateng kadang panatapita suwara, kasuwun hangiringi kanthi larasing gendhing Ayak-ayak umbul donga S1. Myr.
Ing wasana sumangga kula dherekaken hamungkasi pahargyan ing siyang punika kanthi hamemuji manjalmaning sesanti- Jaya-jaya wijayanti mugi rahayu ingkang samya pinanggih.
Pinangka panutuping atur, kula hangaturaken agunging panuwun, sugeng kondur mugi widada ing marga.
Wassalamu’alaikum wr. wb


Katrangan :
1. Ambokbilih wonten Panglipur (Hiburan) awujud Beksan / Tari, punapa sanesipun, inggih kedah dipun aturaken kanthi cetha. Tuladha aturipun panatacara, upaminipun :
Sagung para tamu kakung saha putrid ingkang tuhu kinurmatan , kinarya hamangun regenging suwasana, ing mangke badhe ka aturaken panglipur sawetawis awujud Beksan Karonsih ingkang badhe katindakaken dening Dimas Priyambada saha diajeng Lesmanawati, saking Sangar Tari Mandragini.
Dhumateng Para paraga ingkang hanawung karti, ambokbilih sampun siyaga ing sedayanipun sumangga kula dherekaken hangayahi gati. Katur Sagung Para tamu, sugeng hamirsani.
2. Salah satunggaling cara kangge ngendhaleni tamu supados mboten jengkar saderengipun paripurna , kejawi Panatacara mbudidaya murih pasamuan nengsemaken para tamu, ugi kanthi panyuwunan saking panatacara. Langkung-langkung menawi mboten wonten panglipur sasanesipun gendhing ingkang lumantar kaset, ing mangka kadang sinoman dereng purna anggenipun ngaturaken pasugatan, prayogi panatacara matur dhumateng para tamu, upaminipun :
Sagung para tamu ingkang minulya ing budi, mawantu-wantu panyuwuningipun R. Harjuna sekalian, mugi wonten keparengipun sagung para tamu sekeca lenggah ngantos paripurna pahargyan ing wanci punika. Menawi ing mangke para kadang sinoman sampun purna nggennya hangaturaken pasugatan, tumuli badhe kula dherekaken hamungkasi pahargyan ing wanci punika. Sinambi hangantu purnanipun para kadang sinoman hangaturaken pasugatan, keparenga miyarsakaken larasing gendhing ………………..